4. Nulya mentar utusan narpati. sampun prapteng ing Kasurabayan. jêng pangeran sagarwane. mijil sing dalêm gupuh. samya lênggah paningrat jawi. parêkan matur nêmbah. amba pan ingutus. rakadalêm sri narendra. ingkang garwa kangjêng ratu dentimbali. sarenga lampahamba.
5. Kangjeng sunan lagya gerah mangkin. ingkang wêling raka dalêm nata. manawa aweh lakine. malêbu ing kedhatun. atinjoa ing gêrah mami. yen lakine tan suka. poma ywa lumaku. adipati Surapringga. têbah-jaja sumangga ing asta kalih. tan kenging lêngganaa.
6. Dhuh jiwaku umarêka aglis. sampun kerit prapteng ngarsa sultan manembah ngraub padane Ratu Pandhan umatur kakang prabu dene wigati. nimbali aripara kalangkung kumêpyur manahulun tarataban sru qumêtêr ênar-ênir sênik-sênik kangmas gêrah punapa.
7. Kangjeng sultan angandika aris. dhuh riningsun luwih sangking lara. ana ing ati ênggone. sakeh usada wangsul. yen sun rasa saya ngranuhi. dene ana pandhita. ing Giri dumunung. durung gelem nungkul mring wang. iya iku kang dadi laraning ati. tambane durung ana.
8. Liya Giri wong satanah jawi. nora ana barênjul mêrêngkang. padha ngidhêp mring sun kabeh. amung ing Giri iku. ingkang durung ingsun putusi. amukul kalawan prang. wit wêcaning dangu. kang bisa ambengkas karya. mung lakimu jalarane mênang asli. luhur trah Ngampeldênta.
9. Lah wis yayi dak lilani mulih. den abisa matrapakên karya. marang lakinira mangke. sêlak den ayun-ayun. Ratu Pandhan mèsêm turnya ris. dhawuh dalêm kakangmas. sandika tur ulun. nulya lengser sangking ngarsa. dhinerekken sagunging parêkan cethi. lampahnya wirandhungan.
10. Pangran Pekik nganti neng pandhapi. sarawuhe sang ratu pinapak. binekta mring dalêm age. Jeng ratu ngraub suku. sang
pangeran (ng)garjiteng galih. lah yayi ana paran. têka rada suntrut. paran gerahing sang nata. Ratu Pandhan tumungkul
23