1. Wanci akir lingsir dalu. nuringrat katon nêlahi. sirep ingkang nur buwana. meh raina sêmu abrit. mega malang (ng)gantheng pêthak ramya swaraning kang pêksi.
2. Radyan mangênjali matur. aywa kirang pangaksami. ulun lajeng kalilana. umangkat saking ing ngriki. datan langkung pangestunta, raharjanireng lumaris.
3. Dumuginipun ing purug. ywa kirang juga punapi. mesêm Kiyai Gunawan. saestune ulun ngirid. supadi ing lampah gancang. myang kang matur ing sang yogi.
4. Têmbe yen anak wus katur. kula ngantos sawatawis. yen anak wus tentrem ing tyas. (ng)genulun wangsul mariki. Jayengsari duk miyarsa. sukeng tyas umatur aris.
5. Sukur bage sewu nuwun. paduka sih kawlasasih adan umangkat saksana. bagaspati wus (n)dhadhari. enggar kang samya lumampah. tan ana sangsayeng margi
6. Tan cinatur laminipun. dennira samya lumaris saking ing Diyeng wus prapta. tlatah Sokayasa nênggih. kendêl têpi pategalan. Buras kinen tanya maring
7. Kang lagya andhangir jagung, wakne kula nilakrami kang sinambat myang pilênggah. tuwin ranning dhusun niki. myang sintên pangangêngira. ki dhangir kagyat mangsuli.
8. Panten taken namaulun. Ragatruna lênggah mami. kabayan ing Sokayasa. anênggih kangjeng kiyai. sinambat Seh Akhadiyat. ingadhêp pinundhi-pundhi.
9. Panten punapi ingutus. utawi damêl pribadi. wau Ragatruna mulat. mring Gunawan datan pangling. gya lumajêng prapteng ngarsa manêmbah turrira aris.
10. Ulun tan nyana saglugut. yen paduka ingkang prapti. kanthi (m) bêkta kalih putra. punapi yun (m)bekta maring. rakanta
Seh Akhadiyat. Ki Gunawan anganthuki.
328