Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/346

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

63 Gantya garwa kang sumêndhi. Gandawati musthikengrat. atmajanira sang katong. Arjunayana narendra. ing Sriwêdari praja. warnanya tuhu pinuniul. wênês ngropek apidêksa.

64. Sariranira ngalêntrih. amardapa tiningallan jênar wingit pasêmonne. antêng dyatmika wiweka. ruruh yen angandika. titi kurang gujêngipun rema mêmak ngandrawila

65. Wilis sêdhêng ngrêspateni. ngarompyoh sisinommira. jangga jumung pranajane. wêlas wimbuh maya-maya. Iwir wêngkêrring nyu dênta. pinêtri kalangkung-langkung. (ng)gandhewa gadhing kang asta.

66 Awijang baunireki. wiraga nangi asmara. kalamun lumampah alon lêmês lambung mêmbat madya. kadya tunjung lumenggang ing warih kadilir banyu. maweh ganda rum angambar.

67 Wasis salwir karyeng estri. raratus kokonyoh jêbat. widhadari paguronne. winulangkên marunira. mrih dadi kanthi tama. dennira suwiteng kakung gantya garwanya pamekas

68 Nama sang Wara Srikandhi. saking nagari Cêmpala.-reja puniku putrane. Sri Maha Prabu Drupada ing warna tuhu pelak. jênar pasariranipun. Iwir kancana sinepuhan.

69 Wadana anuksmeng sasi. Jiringe manis agalak. budiman kang samya anon. sedhêt dêdêge rêspatya. gandhang tanduke sabda. gandês luwese maweh kung. tulus raharjaning driya.

70 Kalamun slanggappan angling. datan mawi tiningallan. sinandi ngliling drijine. amung lawan kakungira. kalamun angandika. patitis saulonipun. cumondhong mapankên nitya.

71. Kênyaming lathi yen angling. gumêbyar kengis kang waja. Jwir thathit barung tumempoh. cuma prananireng driya. kajarak mamanisnya. marmanira sang abagus. kalamun arsa aniwa.

72. Yen sang rêtna kang ngladossi. sang Parta wande sumewa. Jawan sukane sang sinom. maos sagung srat lukita. lalagon

gêng kang sêkar. wisatikandhêh swara rum. nglik ngumandhang gêtas rênyah.

325