43. Kabehe ayır linuwih. katri putrining narendra. kalih atmaja wikune. pantes dumadya tuladha. estri kanggep ing priya. winursita candranipun. dyah lima endahing warna.
44. Sumbadra sepuh pribadi. atmaja Sri Basudewa. ing Mandura karatone. warna ngrêsepakên ing tyas. sumeh lindri kang netra. apasaja driya tangguh. sêmune kurang-budaya.
45 Awijang dêdêg rêspati. kuning labêt mung kêpama. wênês mandhês kulittanne. tan pati ngadi busana. mangu kadung yen mlampah. dyatmika arang amuwus. tan rêgu manis sêmunya.
46. Rinh tanduke yen angling. Jumuh sêndhuning wicara. amot mêngku aksamane. tuhune pribadya ingkang. pinrih susêtyeng priya. datan lênggana sakayun. mring maru kadi sudara.
47. Rumêsêp tan swaleng kapti. sanadyan kurang budaya. legawa nrus ing batinne winongwong ing widadarya. labêt kadang Hyang Suman. marma sang Dananjayeku. sêmu ering pamengkunya
48. Para maru-maruneki. anggêpe samya nyuwita. miwah kang raka kalihe. Prabu Kresna Baladewa. kalangkung tresnanira. marang dyah Sumbadra iku. kadang estri mung sajuga.
49 Apisah panggonanneki. milane tansah anduta. wau sang nata kalihe kikintun arta busana. kalawan tanya warta. karaharjane sang ayu. dene garwa kang panenggak.
50. Dyah Manuara wawangi. saking pratapan wijilnya. Tirta awama putrane. sang Begawan Manikara. sang dyah punjul ing warna. lirpendah gambar pinatut. netra (n)jait anteng raras.
51. Pamulu manis mrakati. lamun paes wimbuh endah. sanadyan ngusutta bae. kaya madu pinasthika lurus babau wijang. maya-maya tinon mancur. angunguwung mawa teja.
52. Kuning wênês semu wilis. kadi Hyang Pudhak-sinurat. mêncorong katon wamane. tanpa apipindhanira. Hyang Andakara
ingkang katawêng ing ima rêmu. rumamyang amaradipta.
323