34. Mangsa tilarra saking wit. yen banger mantuk bangeran. yen arum mantuk arumme. kang ganda yêkti mangkana. mung darma angin krana ajal lan kamulanipun ingkang denantuki ika.
35. Makatên ingkang upami. Nangkula lawan Sadewa. ya ta winangsulan maneh. ing wau wus ngetang sapta. saking winorring sabda. uwitnya tunggil sawujud. dadya kantun etang gangsal.
36. Gangsalipun Wisnumurti. sang aprabu Danardana. nalikanya aprang rame. Bratayuda mung Sri Kresna. kang dadya pandaming ngrat. uning obah osikkipun ing mêngsah kalawan rowang.
37. Kanthi engêting panggalih. sakêdhap netra Sri Krêsna. botên pisan yen kasupen. ubayanya ing Pandhawa. miwah ubayanira. mêngsah tiga warninipun. Sangkuni myang Dhanghyang Druna.
38. Panunggul Sri Kurupati. babala sewu nagara. para ratu gedhe. gêdhe. nata Kresna datan kewran. maring kartisampeka. wignya pasang byuha agung. wadinya adamêl gêlar
39. Langkung sagêd mikênani. ugi botên sinalira mung pratikėl pikantuke. ingkang tumandang ngayuda. nênggih risang Pandhawa. majêng mundumya samya nut. saparentah nata Krêsna.
40. Marmanta pinundhi-pundhi. sakadang nata Pandhawa. winastu linuhurake. aywa kongsi kaoncatan. têtêppa sinuwita. anuduh ing marga ayu. dadya pandam pangauban.
41. Matur Niken Rancangkapti. kula nyuwun sêsêrêpan. Wara Sumbadra kalihe. Wara Srikandhi punika. punapa sampun krama. paran cariyossing dangu. cinandhi cakêt Arjuna
42. Sang Gunawan wacana ris. mênok sang Wara Sumbadra. lan
Srikandhi ku garwane. Wong Agung ing Madukara. risang Andananjaya. lilima garwa kasebut. ana ing layang Wiwaha.
322