Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/342

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

24. Samangsa tan ana warih. têgesse mangsa kartika. banjur ngaloloh lêmahe. pêcah pisah sami nêla. lêbêt tur wiyar panjang. singa-singa kang kacêmplung. gya minangsa sato galak.

25. Sira Dyan Arya Jahnawi. yen ta upamia kisma. siti ladhu radin ngompol. kaworan pasir malela. mawur lir sabên rinya. dendhangir pacul lan garu. manawi katiban jawah.

26 Dhahas malah rêsik gasik. yen lami tan kambah tirta. dhasarripun sampun ngompol. upami tinanêmana. samukawis ngrêmbaka. lastantun wijinya thukul. sami lawan babonnira.

27. Sêmpulur enggal andadi. kang namung pedah dêlêg pang. enggal walagang uwitte. nanêm kang pancen ron-ronan. kêtêi iêma ngrêmbayak. yen wiji sêkar kinayun. kusuma lajêng angrebda.

28 Bilih wiji tuwuh pinrih genjah uwohnya andadya. tulus matêng-matêng wohe. makatên sanessing karya. Arjuna Dhanghyang Druna. apan sami dhasarripun. lincat ladhu inggih kisma

29. Punika dumunung munggwing. aneng kêdalling wacana. den raosi sawontênne. awon sae kasumbaga. datan sah winacana. makatên upaminipun. Druna lawan Dananjaya

30. Ing tyas tan kenging pinasthi. bilih sitinipun wrata. utawi sadaya legok. kadhang lêgok kadhang rata. rata kadhang lêgokan. nanging inggih sitinipun ingkang kisma sami kisma

31. Ingkang latu sami api. ingkang toya sami toya. amung sanes wahanane, wontên ta makatên uga Nangkula myang Sadewa. pinet iku paminipun. kadya (ng)gyanning samirana.

32. Ngirid ganda bangêr bacin. miwah ganda arum ngambar. asêdhêp minging wangine. sumrik dumunung ing grana ananging bacin ngambar. sanes saking angin iku. Jawan sanes saking grana.

33. Sakalihe amung darmi. sayêkti wonten ing ganda. kilap sintên ingkang gawe. sangkanne botên uninga. lan botên kauningan.

nging kêdah uning puniku. wittipun saking punapa.

321