4. Mila pamrih lumastari. kinarya nanangi driya. mêndhêt criyosse ngaluweh. tinali-tali minangka. tutuladaning gêsang. talitining pra luluhur. punika kang kinawruhan.
5. Pugut pêncaring dumadi. tindak ingkang ingarannan, nistha madya utamane. ginambar pambêkan sanga. tuladaning dumadya. runtut kuna-kunanipun. kêni tinêdhak samangkya.
6. Êninging tyas kang winarni. punang laguning mardawa. supadi kawistarane. têpaning kang wit darsana. saking pamanggihingwang. kilap lêrês lêpattipun. kawula sumangga karsa.
7. Sampunning sorah winarni. ambêg miwah kalakuan. sasanga kang jinalentreh. sang aprabu Duryudana. kalih Sangkuni Patya. Rêsi Druna tiganipun. golonganning sri Ngastina.
8. De ta ing Cintakapuri. dhingin Prabu Darmaputra. sang Bratasena karone. tiga Arya Dananjaya. sakawan Sang Nangkula. kalima Sadewanipun. kanêmme Sri Nata Krésna.
9 Ing Pandhawa nêm winijil. Ngastina kapetang tiga. rong golong kinêmpalake. dadya jangkêp petang sanga. ing mangke pan sinuda. Nangkula Sadewa wau tunggil wus atunggal wama
10 Solah myang tanaga sami. marma pangetangan sanga namung wolu sajatose. lan malih makatên uga. Jahnawi lan Sri Kresna. tinon ing paningal jumbuh. rahsane kadi sajuga
11. Kalamun makatên kadi. kêpanggih sapta petangnya. samangke pinandêng maneh. anggêpnya Sangkuni ika. lawan Sang Dwijakangka. gargêtting driya sumênut. awitte tunggil pinangka
12 Ananging upami warih. Sangkuni toya ing rawa. buthêk nandhêk tur naiyeng. kasarahan anggrah-anggrah. mambêg kewala datan. wontên ilen-ilennipun. jro embêg endhut bladhèran
13 Tangeh lamun denênggonni. ulam loh toya karasan. dêstun
niku trunalele. matil mandi mawa wisa. malih nadyan wontênna. sawêr toya ting pancungul. anak-anak gumarayah.
319