Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

8. Serat katur tamating pamaosipun. mesem angandika. heh caraka ing Mantawis. pakenira matura Ki Senapatya.

9. Lamun ayun nyatakkên wirayatingsun. gustimu turana. nglurug mring bang-wetan nuli, wus pinasthi karsane Allah Tangala.

10. Lamun ratu Mantaram ing têmbenipun. ngrata tanah Jawa. sanadyan ing Giri iki. uga têluk marang ing nagri Mantaram.

11. Lokilmakput tan kêna owah sarambut. jamane walikan, kawula dumadya gusti. ingkang gusti sayêkti dadi kawula.

12. Pratandhane wus katon Pajang Mantarum. iku dadya cihna. utusan wus nyuwun pamit. mantuk marang Mantaram agêgancangan.

13. Wus sumiwi ing ngabyantara sang prabu. wus katur sadaya. wêlinge Jeng Sunan Giri. tan pantara lami sri nata Mantaram.

14. Bidhal nglurug mring bang-wetan kang jinujug. ing nagari Japan. sagunging para bupati. ing bang-wetan wus kumpul aneng ing Japan.

15. Kacariyos ing Giri sang maha wiku. wus miyarsa warta. lamun sang prabu Mantawis. ngepung Japan para bupati bang-wetan.

16. Pacak baris tutulung paguting pupuh Jeng Sunan ing Arga utusan akanthi tulis. tyang sadasa gêgancangan marang Japan

17. Praptanipun ing Japan nulya kinumpul. wong agung Mantaram. myang bang-wetan pra bupati. wusing pêpak duta Giri aturira.

18. Dhuh wong agung Mantaram saha wong agung. bang-wetan sadaya. lampah kawula tinuding. ing Jêng Sunan Giri akanthi nawala.

19. Ulun waos pribadi mrih têrangipun. sami kapyarsakna. suraose kanang tulis. duteng Giri manêngah maos nawala.

20. Layangingsun Jêng Sunan Giri dhumawuh. marang putran-ingwang. Senapati ing Mantawis, lan mring putraningsun

Pangran Surabaya.

13