Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

22. Konjêm siti nênêdha Hyang Widdhi. widadaning dhawoh, saha matur mring Sunan Parapen. sakalangkung sru nuwun kapundhi. lulusing sabda ji, têtêpe kang wahyu.

23. Dhuh pukulun patikbra ngaturi. dhuwung wus mirantos. amung dadya pratandha yêktine. sungkêm amba timbalan sang yogi. sunan ngandika ris. sun tarima kulup.

24. Nanging ingsun paringakên bali. apan kacariyos. samya rêsep pra dipati kabeh. aningali Ki Ageng Mantawis. raja pandhita di. gya mucung dhadhawuh.

5. PUCUNG

1. Lah ta kulup para bupati sadarum. ingsun iyasakna. talaga kang luwih adi. tur sandika pra wadya nulya tumandang.

2. Dhudhuk-dhudhuk tan pantara nuli rampung. dados kang talaga. luwih adi toya wêning. gilar-gilar lir pendah kaca brenggala

3. Wusing katur sinung ran Talagapatut. jeng sultan kalawan. sagunging para bupati. wus linilan mring prajane sowang-sowang.

4. Tan cinatur nagri Pajang risakipun. pindhah ing Mantaram. ingkang jumênêng narpati. putranira nênggih Ki Ageng Mantaram.

5. Risang Sutawijaya jujulukipun. Kangjeng Panêmbahan. Senapati ing Mantawis. lulus wirya gêmah arja prajanira.

6. Panembahan Senapati ing Mantarum. ngyêktekken wirayat. dhawuhe Susunan Giri. ing nalika sowannya jeng sultan Pajang.

7. Panembahan Senapati nulya ngutus. abdi kinen sowan. maring

Giri kanthi tulis. prapteng Giri sang wiku lagya sineba.

12