Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/329

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

32. Yen ta mungguh kang mangkana. kaugung kapati-pati. wus datan asubasita. ilang tataning narpati. katon tyas nanging jirih. watak molor nora mulur. yen mênêng lir gupala. ngumpêt karsa tan ngrapêti. gojag-gajêg uga iya uga ora.

33 Manawa na tume wanodya. ingkang dadya suprih pamrih. anjalari sukawirya. myang (n) drêbalane mas picis. iku rena kapati. pangarabe nora uwus. yen durung tibeng karsa. sarwa nora pisan ering. ing sujanma mangun teki tapabrata.

34. Malah punika ingaran. wong papa sudra anisthip. awit tan ngubungi karsa. kabungahanning ngaurip. anggeppe ing panggalih marang Hyang Suksma linubung. sayêkti nora liya. mungguh Bathara linuwih. tanpa rupa muhung jatine priyangga.

35 Krana kawaseng kaanan. tanpa cegah tanpa sirik. milih sakehing gumêlar. ingkang purbamisesani. têtêp karsaning Widdhi. sida dumadi tan lêbur. tamat pambêkannira sang aprabu Kurupati gantya Arya Sangkuni patih Ngastina

36 Watêkannipun kinandha. pradulen ngaruh -aruhi. nora kêna wong kumlebat. thik-ithik dipun waoni. gawe sêriking ati. sikon saronne lumintu. tingkah solahing liyan. mung tansah dipun owahi. nora nana sawiji kang kabênêran.

37. Pasthi tumiba ing lêpat. yen nana ngarsa Sangkuni. sanadyan uwis benera. gumrêmêng maoni ririh. saradan tudang-tuding. anyungir ulate rêngu. yen lekas paguneman. nora liya-liya malih. pan wus kêna pinasthekkên lamun nacad.

38. Ngrasani alaning janma. denandhar awit jêjênthik. suku minggah kongsi prapta. pucuk rambut tanpa uwis. dadi rênaning galih. yen nyatur tindak kang dudu. kinarya cagak lenggah. ngira-ira mring sasami. mung alane bae ingkang pinêthikan.

39 Nora pisan angetokna. bêciking liyan pinurih. sirna kadhang tinutupan. pamrih arahing panggalih. dimen aja ngungkuli. ya marang sariranipun. yen ana wong kakandhan. nora ngalêm

mring Kya Patih. miwah nora carita alaning janma.

308