29. Sang dyah alara karuna. Jayonnira kang ibu denrungkêbi. mlasasih sasambat ibu. sapa kang momong ingwang. dene durung laki têka ibu lampus. sumaput datan panon-rat. Rancangkapti lir ngêmasi.
30. Gumrah tangis jroning wisma. Ki Hartati amondhong ingkang siwi. mewek-mewek marêbês luh. dhuh jantung atiningwang. lah emuta babo nyawa ywa kabanjur. papas pupussên tyassira. engêta yen wus tinakdir.
31 Malah sukura ing Suksma. susuwunên kamulyaning kajatin. kang langgeng salaminipun. anakku Jayengsekar. aku pasrah mungguh layonne ibumu. wis kono mangsa bodhowa. pêtakên mring dhusun Sranggi.
32. Sang dyah rara wus binêkta. maring wisma pungkur ing tamansari. gya wungu saking ing kantu. anungkêmi kang rama. Ki Hartati tansah (m)barêbêl kang êluh. pêgat-pêgat angandika.wis wungua sira nini
33 Rancangkapti wus alenggah rama sira vwa bali marang panti. eh bocah wadon den gupuh. maringa patamanan. ngundhuhana kêmbang gambir mlathi mênur. capaka argulo mawar salong menyanga ing panti.
34 Patang gêndul lênga mawar. lawan lênga setambul telung kopi jêbadan rong cupu agung. we mawar myang her jamjam. ngênêm ênceh ratus têlung lodhong agung. kayu garu têlung rêmbat kabeh wetokena aglis.
35. Aturêna kakangemas. lan rimongku kang saka ing Ngarabi. kêmbang êmas putih biru. kang têka wingi ika. kaagêmna luruh bandhosane ibu. banjur tinumpangan sêkar. roroncen anam- man kanthil.
36. Uga aturna kakangmas. sampun mundur pra dasih kang tinuding sang rêtna angrujit santun. kang nglayat tan petungan. jêjêl uyêl amber tumeka ing lurung. kang layon wus binrêsihan samêkta rêrêngganneki.
37. Jayengsari gya utusan. lah ta Buras matura mring Kiyai.
sarehne iki wus rampung. wus samêkta sadaya. kang inganti
295