10. Krana wahananipun. ana tingkah ana dadya jumbuh. cuthel kaki bab ipen kang dak kawruhi. suka ing sadayanipun. Buras matur sumalonong.
11. Lir dongeng Andhelumut. mawi maring pêkên tuku kacu. cu kacuthêl mak kalakêp tan na maning. bok malih jênge tan ngantuk. kula karêm ngarsa omong.
12. Mesem Ki Menakluhung. kacung Buras dhasar mêncul tutuk. wong wis êntek apa kang winêdhar malih. lah iki wus wancinipun. prayoga sami lêlêson.
13. Ambanjêng munggeng salu. Ki Hartati cakêt Jan kang sunu. datan guling lawan Radyan Jayengsari. Ki Hartati tatanya rum. kulup jarwaa savêktos.
14. Kang ayoga sireku. myang sêdyanta ywa kumbi nakingsun. radyan matur purwa madya wasaneki. ginêlarakên sadarum. sarta waspanya drês miyos.
15. Hartati duk angrungu. prasajane Radyan Jayengsantun. saya mantêp dennira angaku siwi. mangkana wus wanci bangun. sakaliyan waktu Suboh.
16. Ki Menakluhung sampun. asasaji pasugatanipun. dhadharan jang-enjangan wedang kopi. samapta lumadyeng ngayun. winantu ing sabda alon.
17. Yayi sawontênnipun. nyumanggakkên sakaparengipun. Ki Hartati myang atmajanya kakalih. rêsêp bukti samya kêmbul. wus dumugi Buras nglorot.
18. Ki Hartati lingnya rum. dhuh kiraka ulun sangêt nuwun. marganing kang antuk kanugrahan Widdhi. kadugen osiking kalbu. ingkang anjalari rawoh.
19. Saking kiraka tuhu. pan rumaos tan sagêd rinipun. amamalês kang timbang raossing ngati. Ki Menak umanggut-manggut, tuhune mung darmi ingong
20. Panuju wêkdallipun. kêparênge ing Hyang Maha Luhung. dak badhene si adhi kêsusu mulih. wus wayahe wong kêmaruk.
Hartati latah lingnya lon.
289