14. Iya Buras mengko tutura maringsun, wau ta lampahireki. saking ing arga tumurun. Jayengsari Rancangkapti. laminya tan winiraos.
15. Sampun prapta talatahe Toyaarum. ngambah wana agung wêrit, aneng pasisiring laut. supitanning pulo Bali. Ki Buras kalangkung ngorong.
16. Angupaya toya tawa wus pikantuk. sumbêr agung langkung wêning. cakêt sela agung-agung. tumpukan saking ing wukir. Buras tuwuk ngombe ngokop.
17. Tandya wangsul umatur bandaranipun. wontên toya tawa wêning. mêdal sêlaning kang watu. tumpukan saking ing wukir. sangandhaping gurda ayom.
18. Payo kakang aku sumuk arep adus. Jajêng lampahira prapti. sêndhang gya siram sang ayu. wusnya siram ngaring-aring. neng ngandhapping gurda ayom.
19. Ana janma tumurun saking parau. ngupaya mina jaladri. maring sêndhang nyangking buyung. sawussira ngambil warih. kagyat anon sang wiranom.
20. R. Pandaya alon wau aturipun. dhuh sang katêmbe kaeksi. mugi sampun dangu-dangu. rereh wontên sêndhang ngriki. pangampiran tiyang awon.
21. Bajagiaut aru-biru karyanipun. rahadyan ngandika manis. bangêt panarimangingsun. kisanak asung pêpeling. rahayune kang lalakon.
22. Buras gugup pandirangan asru matur. sumangga amentar aglis. laju linggar kalihipun. sang dyah lumampah ing ngarsi. anon tapaking kang gogor.
23. Kakang iki tapak apa dene agung, dhapure lir tapak kucing. yayi tapak macan iku. êndi macane tan keksi. yayi wus um- pêtan adoh.
24. Lampahira lajêng prapteng Toyaarum. karênan miyat arjaning. karajan myang dhusun dhukuh, sumber sêndhang umbul alit.
tan petungan wenya nyarong.
282