19. Kaping kalihipun ugi. yen rama kula palastra. rusak kabeh jagad kiye. paduka duraka ing Hyang. yen tan denuripêna. kalih kawula tan ayun. tinawan kinarya garwa.
20. Raja Mutmainah angling, ewamangkono mas mirah. iya tan kawasa ingong. yen ana sihing Pangeran. darma dadi jalaran. yen kalilan ing Hyang Agung. sunuripne ramanira.
21. Payo pinaranan aglis. padha sira sêksenana. ing ramanira uripe. nulya pinaranan panggya. bangkene sri katiga. tinangisan ing dyah ayu. nulya Raja Mutmainah.
22. Ananêdha ing Hyang Widdhi. muga-muga ginampangna. kang mati uripa maneh. tinarima kajatira. sang Raja Mutmainah. anyipta angin lan kukus. anginipun Kayatollah.
23. Kukus kukussing rijêki. tinêkan saciptanira. ing kukus sega srêbêtte. lagya granane sumringah. lan angête watara. nulya krêntêg kêpyur-kêpyur. nulya ngarêjêt apolah.
24 Kang mati wus urip malih. ya sang Raja Aluamah. Amarah. Supiyah dene. wus samya tata alênggah. neng ngarsane sang nata. sang Mutmainah lon muwus. mring raja katiga pisan.
25. Heh Aluamah sireki. Amarah lawan Supiyah. saiki wus urip maneh. apa sira maksih murtat. apa ta iya nutta. Raja Luamah umatur. kawula datan lênggana.
26. Sumangga karsaning gusti. kinarsakna sakit pêjah. badan kawula sumaos. tan darbe karsa sajuga. sang Raja Mutmainah. ngandika yen sira uwus. amung srah sakarêpingwang.
27. Anutta sakarsamami. sunkunjara bae sira. aneng nagaramu dhewe. sun uluri pangannira, nora sunwehi luwar. sunkungkung salaminipun. sunbalênggu gulunira.
28. Nulya tinrappakên aglis. sang Luamah kinunjara. Amarah Supiyah dene sigra putri kalih pisan. binoyong bayaring prang binêkta mring nagrinipun. abungah marwatasuta.
29. Kaol satengahing Kadis. amal kang patang prakara. dhingin wong kang bêtah mêlek. kapindho kang bêtah tapa. acêgah mangan murka. amal kaping tiganipun. ingkang bêtah sabar
lila.
279