15. Samya kudhung gêdabikan kêneng êntub. sirah rapêt ngroyok sikil. ngaruara sambat bingung. prapta nagri Majapait. kom- bang anglut datan kegoh.
16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup. tan kawawa nanggulangi. dadya tilar prajanipun. sawadya balanireki. gusis praja tan ana wong.
17 Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung. wangsul mring nagrinya malih. siji tan ana kang kantun. sang aprabu Majapait. sawadya wangsul ngadhaton.
18. Aprasetya sang aprabu Majalangu. datan nêdya malih-malih. nyikara dhatêng sang wiku, ngamungêna ingkang uwis. ing. tyas datan walangatos.
19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur. kanugrahan mantun dhêngkling. gagancangan lampahipun. anusul Jeng Sunan Giri. ingkang lagya amakuwon.
20. Kawlasarsa aneng satêpining laut. tyang kalih marêk tur uning. ing mangkya mêngsah wus larut. jalaran tinêmpuh dening. kombang ingkang mapak pupoh.
21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus. tilar gagamaning jurit. samya ngungsi gêsang (n) jrunthul. tan ana ingkang tinolih. swarane pating galêmbor.
22. Sampun katur ing purwa wasananipun. dalah waluyaning dhêngkling. sang wiku kalangkung sukur. (n)dêdonga marang Hyang Widdhi, rahayu ywa na pakewoh.
23. Nulya kundur tan cinatur laminipun. wus paripurna ing nguni. eca tyase para wadu. satengah ana kang kibir. sajêg tan na mungsuh rawoh.
24. Sunan Giri datan samar jangkanipun. lamun kraton Majapait. wus andungkap simanipun. jalarane sangking siwi. dyan Patah
mijil karaos.
9