18. Camêthine Doyan-ujar. larap Kumingsun sumugih. tindakira salewengan. susumbar lali ing Widdhi. mara sarwi nudingi. sarta ngêbuk wêtêngipun. ngucap ingsun kuwasa. wignya anggawe bilai. ingsun uga wong (m) balasar gawe ala.
19 Pan sampun ayun-ayunan. aprang pan sami narpati. rame dennya bandayuda. ing yuda kinrubut katri. ing ngarsa kanan kering. Mutmainah pinrih bingung. nging raja katiganya. nora ulap ing prang kinarubut tiga.
20. Sang Sri Raja Mutmainah. tinumbakan wanti-wanti. ginoco cinamêthenan. nora kena densêlani. sarta tinitir titir. Raja Mutmainah ambruk. Jawan turangganira. klesedan tan bisa tangi. nanging taksih tuwajuh ing tékadira
21. Sinosog-sosog tan pêgat. sarwi alok-alok mati. saiki babarmu pisan lah mangsa bisaa urip, mara budia aglis. raja Mutmainah muwus eh mara tutugêna sagendhingmu aywa kari ingsun ora awêdi lara lan pêjah.
22 Sang Mutmainah sakala, pratignya sajroning galih. tinêdha pratandhanira. yen manungsa kudu bêcik. muga kuwatna jurit. bisaa amalês ukum. ambirat ing Luamah. Amarah Supiyah dening. nulya antuk kramat sigra ingayatan.
23 Patitis pamukulira. sang Luamah cinamêthi. lêrês pipilinganira tumemplêg tiba anjungkir, Sang Amarah nulungi. cinamêthi pasunipun. anjungkel tibeng kisma. Raja Supiyah nulungi. cinamêthi mukanya nulya aniba..
24. Sinosog aneng pratala. klesedan Sang Raja katri. kalêmpêr sadangunira. nora bisa muna-muni. dangu nulya ngalilir. Raja Mutmainah muwus, eh paran karepira. apa sira (n)jaluk mati. yen (n)jaluka mati sun pateni sira.
25. Sang raja katri turira. sakarsa paduka dadi. ginêsangan pinêjahan. yen kenginga nêdha urip. mesêm Sang Raja Sukci. eman têmên piyangkuhmu. dene nora sêmbada. saemu anjaluk urip, sigra cinamêthi malih sirahira.
26. Raja Luamah Amarah. Supiyah samya ngêmasi. jisimme agilang-gilang. wadya sagotra sri katri. sasampunnira nuli. sang
276