21. Nulya sang Raja Amarah angling, mring patihira Angkaramurka. kinen budhal sabalane. mijil sing nagrinipun. astanane ana ing ati. ati puat (ng)gonira. ing sajatinipun. puat punika lilimpa. pangwasane panasten sabarangkardi. budine Sang Amarah.
22. Ni Raja Supiyah angundhangi, mring patihe ni bok Jajawatan. lan ni Tumenggung Nyalereng. nyi Arya Guyu-guyu. Jawan nyai Kinincangalis. nyai Rangga Esêman. nyai Adusemu. kalawan nyai Parikan. nyai (n)Dhepel nyai Weweh-wangi-wangi. nyai Grêgêtên-nekat.
23. Mijil saking ing manah maknawi. iku pupusuh sajatinira. ana dene pangwasane. penginan barang kayun. ayun ngayang sruning kapengin. nulya Raja Luamah. angundhangi gupuh. mring Patih Mengkucilaka. sabalane tumênggung arya ngabei. kumêrap bala kuswa.
24. Nênggih medal saking ati siri. siri punika sajatinira. ing jajantung sayaktine. dene pangwasanipun. marang karep karêp abukti. sabarang kang pinangan. sruning parikudu. Jalenan sabarangkarya. rupanira Luamahi sang cahyeki. dene népsu Amarah
25 Cahyanira abang anglangkungi. dene nepsu Supiyah cahyanya. nênggih akuning rupane. nêpsu katri punika. angrêgêdi cipta kang êning. menggah êning punika. nêpsu kang rahayu. iya nêpsu Mutmainah. astanane aneng ati sanubari. iku ati sampurna
26. Cahyanira putih anêlahi. pangwasanira sabar narima. tuma-ninah rereh sareh. tawêkal iman ayu. punika kang arsa jinodhi. mring sang Prabu Luamah. myang sawadyanipun. gumuruh ngebėki jagad, mara têlu ing marga lampahe baris. ri sang Raja Luamah.
27. Medal saking ing tutuk anggili. penuh gumrah asru swaranira. Raja Amarah gurunge. ing talingan ambrubul. ting sarêbêt sêsêg kang baris.(m) barabas sasrêmpêngan. jampèng tanpa ngrungu. dene ni Raja Supiyah. mêdal saking ing netra anduduk
andik. andadak kêdakira
271