28. Sasampunira pangubur. kumpul para wadya Giri. angrêmbag ingkang gumantya. mandhireng Susunan Giri. pra wadya wus golong rêmbag. Sunan Dalêm kang gumanti.
29. Gya ingangkat ajujuluk. Sunan Giri kaping kalih. Susunan Giri Kadhatyan. garwa kakalih padêmi. tan mashur ing panjênêngan. Jêng Sunan wus prapteng jangji.
30. Kundur mring rahmatolahu. ugi sumare ing Giri. atilar putra sadasa. (m) bajêng Sunan Sedamargi. panênggaknya apêparab. Sunan Giri Prapen Adi.
31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun. Nyi Gêng Ngulakan kang sukci. Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad. Pangran Bongkok nulya Nyai. Agêng Waru arinira. Pangeran Bulu sumêndhi.
32. Wragil Pangran Sedalaut. paripurna kang wus swargi. rêmbag kang yoga gumantya. kêmpal sakehe kang dasih. Sunan Para- pen ingangkat. linuwih lir eyang swargi.
33. Mandhireng Giri Kadhatun. jujuluk maksih lêstari. Sunan Giri Prapèn dibya. suyut kang wadya gung alit. kawentar ing liyan praja. tan pêgat kadya ing nguni.
1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu. sampun amiyarsa warti. lamun Sunan Giri Prabu. Sètmata wus angemasi. mangkya wayahe gumantos.
2. Ajujuluk Sunan Prapen Giri luhung. lalajone kadya nguni. sang wiku tan arsa nungkul. marang nagri Majapait. dadya sru bêndu sang katong.
3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung. miwah kinanthen pra siwi. angirid wadyabala gung. kinen ngrabaseng ing Giri.
wus samapta nulya bodhol.
7