20. Tengah ratri sang dyah guling. Buras ngantuk rerenggotan. radyan kantun wungu ijen. munajat maring Pangeran. rahayune kang rama. miwah raka kang anglangut. utawi panuwunnira.
21. Rahayune sarireki. Jan kadangira wanudya. lampah ywa na sangsayane. kadugena ing sakêrsa. ing têmbe kapanggiha. kalawan kang dipun ruruh. ing wanci wus bêdhug tiga.
22. Ramya swarane kang paksi. kang munya enjing-enjingan. cing-cinggoling thilang pênthet. cocak keket myang sikatan. srigunting rang-urangan kacer jalakuren pênyu baranjangan munya tawang.
23. Sang dyah wungu dennya guling. kakang iki wayah apa paksi wus ramya swarane. myang swaranira wong (ng) gentang. umyung agagendhingan iki vayi wanci bangun. kakang payo maring sêndhang.
24 Buras iku apa guling. (n)jêgrêg nanging sasênggoran. (n)dêrejes kêbês pangkone. iah Buras sira tangia iki wus bangun enjang garagappan sarwi matur. bêndara kula tan nendra.
25 Kalihe sru guiêngneki. iya kowe nora nendra mung ngantuk saplasan bae sang rêtna miwah rahadyan mandhap saking pagrongan. Ki Buras tansah neng pungkur prapteng sendhang nulya siram.
26 Rêpêt-rêpêt saput siti. kalihe lajêng umentar datan winarna lampahe. wanci Asar prapteng Klakah. suku arga Lamongan. katon arjaning kang dhukuh. aglar ingkang rajakaya
27 Miwah ingkang nambutkardi. aneng têgal myang pagagan rahadyan kendel lampahe lawan arinya sang retna neng jêroning têgalan. cingak sakehing wong dhusun kang samya anambutkarya.
28 Miyat ingkang nêmbe prapti. Ki Buras kinen tatanya ranning dhukuh panggedhene kang tinanya lon turira ing ngriki dhu
sun Klakah dene ta pangagêngipun. nama Ki Umbul Sadyana.
251