Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/270

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
70. ASMARADANA

1. Lepas lampahira kalih. Buras tansah aneng wuntat. sang dyah yen sayah ginendhong. sumêngka anggraning arga. tumurun maring jurang. analasak wana agung. tan ana baya kaetang.

2. Kendel dennira lumaris. lingsir kilen wancinira. nèng wetan arga prênahe. ayom lenggah pasukêtan. ing ngare sri kawuryan. sengseming tyas sang retnayu. miyat ingkang padhukuhan

3. Papanthan ijo rêspati. kêlêtan ing lorah-lorah. we wêning tumlorong anjog. ing talaga pindha blumbang. ulamnya tambra abang angambang lir suhun-suhun. marang kang kulineng. arga

4 Pêcuk cangak pêlung rintip ana têpining talaga nvengongong jir (m)bagekake rang-urangan calorotan. liwêran mrih katingal. krêdyating tyas angiiiipur. dadiya sukaning driya.

5 Urang watang ngambang pinggir. sinambêr ing rang-urangan. pelung myat saiulup age. antuk délég gya ngumbara. (m)barêngi rang-urangan. prapta luhurnya sang ayu. dêlêg lawan urang watang.

6 Dhinawahakên ngarsaning sang dvah lagya ngundhuh sekar kagvat myar délég tibane. gandheng Jawan urang watang ngandika gage Buras iki ana iwak runtuh gandheng lawan urang watang

7 Kalihe cinêpêng aglis. barêng tiba saka tawang kakang aku iki oleh dêlêg gêdhene sapucang. kalawan urang watang sagandhik kapara langkung tiba ana ngarsaningwang

8 Upamane ana panti. pasthi banjur takngu kolah rahadyan lon andikane yen sira doyan binakar. Buras ge ngupayaa. woh kamai lan uyah piêtuk. kinarya (m) bumboni ulam.

9. Buras mentar wangsulneki. (m)bêkta woh kamal myang uyah.

sang dyah angandika alon. gêrusên ana ing sela. banyune sawatara. goleka ron blêkêtupuk. kinarya angêpes ulam.

249