Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

17 Tiyang alok mungsuh rawuh. sumêdya ngrisak ing Giri. kalam' ingkang kagêm nyerat. anulya binucal aglis. andodonga ing Pangeran. sinêmbadan ing sakapti.

18. Kalam lajêng dadya dhuwung. cumlorot ngamuk pribadi. pra wadya ing Majalengka. kathah ingkang angêmasi. sakantune kang palastra. pra samya lumayu (ng)gêndring.

19. Mantuk marang Majalangu. sawusira mêngsah gusis. dhuwung wus wangsul pribadya. sumeleh ing ngarsaneki. panyêratan sang pandhita. sarta akukuthah gêtih.

20. Kagyat risang amanengkung. miyat dhuwung kuthah gêtih. dahat panalangsanira. dyan dodonga mring Hyang Widdhi. mugi Allah ngapuntêna. solah amba ingkang sisip.

21 Sang pandhita ngandika rum. marang ing wadyanireki. kabeh padha piyarsakna. myang anêksenana sami. katgeki sun wehi aran. si Kalamm'unyêng prayogi

22 Sakeh wadya saur manuk. wus samya kalilan mulih. mring wismane sowang-sowang. lêstantun asrameng Giri. jumênêngnya Jêng Susunan. Prabu Setmata linuwih.

23. Gêmah arjane kalangkung, saya wêwah wadyaneki. tan ana kang kasangsaya. nahan wus antara lami. Sunan Giri nandhang gêrah. kaparêng praptaning takdir.

24 Kundur mring rahmatolahu. gumêr tangis ing jro puri. wandu wandawa sungkawa. layon sawusing barêsih. sinarekken nora têbah. sangking padalêmaneki.

25. Sedanira tilar sunu. sadasa kakung lan putri. kang kalih sang king ampeyan. Pangran Pasirbata nênggih. kalawan Siti Rohbayat. wowolu sangking padêmi.

26. Kasebut Nyai Gêng Ratu. putra sepuh sinung nami. Ratu Gê- dhe ing Kukusan. nulya Sunan Dalêm nênggih. katrinira apa- nengran. Susuhunan Tegalwangi.

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur. panca Sunan Kidul nênggih. Ratu

Gêdhe Saworasa. Sunan Kulon kang sumêndhi. Sunan Waruju ragilnya. wau ta ingkang winardi.

6