26. Iya kakang aku ora mulih. jangjine kêpanggoh. lan si kakang lawasa cik êben. Jayengsari amarwata siwi. kang rayi wus lilih. matur maha wiku.
27. Dhuh pukulun manawi marêngi. aparinga tudoh. kangmas Jayengresmi ing dununge. maha wiku patanya mangsuli. sirik agêng kaki. yen medharna iku.
28 Awit lagi piningit dewa di kinarya lalakon. lan bakale sira sakarone. lakunira sayēkti dumadi. tapabrata lêwih. kalamun lastantun.
29. Analangsa miwah tan sak-sêrik. narimeng trus batos. den engêta Hyang Widdhi tan sare. ngudaneni kalêngêking ati murah lawan asih. angrêksa satuhu.
30. Tutugêna lakunira kaki mangetanna gupoh. ywa rinasa kawi yan maune. ing saiki upama ron aking. aneng jalaniddhi. nut ombaking laut.
31. Radyan mangênjali turira ris. dhuh risang kinaot. andikanta dumadya lêjare. antêping tyas kumandel ing Widdhi pangestu sång yogi. ingkang amba suwun.
32. Mangkya mumpung maksih wanci enjing. lilanana ingong. ngiêksanani pukulun têdahe. rara sira pamita sang yogi. lan pamita maring. pra endhang sadarum.
33. Sang dyah matur lilanana kaki. (ng)gonuiun rumojong. milu marang si kakang lakune. ora luwih pangestumu kaki. salamêta nuli. têmu kang rinuruh.
34. Iya kulup lawan sira nini. mung pangestuningong. rinaksaa ing Hyang sakarone. kasambadan ing karsanireki. Buras ingsun paring. pangestu rahayu.
35. Buras nêmbah matur sru kapundhi. sabda sang kinaot. radyan miwah ari sampun lengser. maha wiku nganthi nganan nge- ring. winantu sasanti. (n)jawi dhadhah rawuh.
36. Kalihira pinêngkul kinêmpit. lajêng sakarongron. para endhang gumarubyuk (n) dherek. sarwi atur pupudya basuki. tuhune
gung brangti. marang sang abagus.
248