15. Wrigu Sangki lumêbêt patanin. sunya tan na katon. dahat dennya sungkawa driyane. wus pinupus karsaning dewa di. marêm ing tyasneki. winêca kang sunu.
16. Sadayeku purwanira nguni. katêlah samêngko. linaluri mring kang ngestokake. lumbung lêsung padringan patanin, myang sakehing kori. sabên malêmipun.
17. Ri Jumungah apan densajeni. kêmbang miwah konyoh. kinutugan kalawan patanen. pinasangan kajang sirah adi. pasren denarani. tinutup kalambu.
18. Sinajenan lantingan pan isi. we tumumpang bokor. myang purwane wong tani yun panen. arep wiwit nganggo densajeni. kêmbang boreh wangi. gedhang suruh ayu.
19. Klasa anyar lawan jarik putih. pamrihe Sri rawoh. myang purwane lah-olahan ranne. jangan mênir pêcêl santen pitik. jabangbayi lair. sinaratan mau.
20. Tamat ingkang carita sang dewi. marêk arawat loh. membêg-mêmbég sérêt ngandikane. kakang kene adhême ngranuhi awan bengi atis. Jawan tan ketemu.
21 Karo kakang Jengresmi kang anis. jare nuli panggoh. Jayengsari duk myarsa ature. ingkang rayi ribênging tyas kengis ngandikanira ris babo kadangingsun
22 Ywa kasêsa sawatara ari. pasthi banjur panggoh sang awiku marêpêki age. marang sang dyah ngandikanya manis nini ywa kuwatir ing tembe katému.
23. Lan kadangta tur wis (ng)gawa rabi. warnayu kinaot. miwah oleh-oleh marang kowe. sosotyadi agêmming pawestri. sinjang warni-warni. lan lêmês Jus-alus.
24. Rancangkapti lêjar ing ngawingit. angandika alon. apa têmên caritamu kuwe. mêngko amung angenaki ati. yen goroh dak jiwit. sang wiku angguguk.
25. Ora goroh caritaku nini. nanging wêkasingong ywa kasusu sasĕlot-sĕlote. lawan aja mulih marang Giri, yen mulih amasthi.
tan bisa kêtêmu.
247