7 Hyang Pramesthi esmu duka arsa nêdhaki priyangga. manuksma maring kukila. kathah kang para jawata. tumutur samya anuksma. sasenengira priyangga. siyang Ki Wrigu anendra. sarpa sawa sung sasmita.
8 Wrigu mengko bangun rina. Hyang Maheswara tumedhak. manuksma dadi kukila. ingiring para jawata. sadaya samya manuksma. Hyang Naraddha mring Kodhok Pas. Brahma mring Kala Gumarang. Surya marang Walang Anggas
9 Hyang Mahadewa manuksma. Wêdhus Parucul Hyang Yama. mring Kidang Ujung manuksma. Kuwera Tikus Jinada. Hyang Siwah manuksma marang. Manjangan Karandhi nama. Hyang Pritanjala manuksma. marang ing Emprit Kukila
10 Rodra mring Lêmbu Andana. Wisnu mring Têmbalung Wraha. Bayu mring Kebo Andanya. Basuki mring Sarpa Lanang Kala mring Asu Wiyungyang Candra Kucing Candramawa kabeh pan arsa ngrêncana. iya marang sutanira.
11 Kaya kang uwus kalakyan. wismanira kênthêngana. mubêng dening lawe wênang. anêkakena têtangga. Jawan pamong mitranira ajakên mêlek sadaya. ana maning saratira paturonne Jemekana.
12. Ron senthe cinorek gambar. waraha kalawan baya lawan gandhik lonthengana. ênjet pipindhanên janma neng ron senthe turokêna awit surup sutanira. mêlek-turu pinangkuwa. tumêkane bangun rina.
13. Pager wisma semburana. dalingo balênge [1] bawang. kang wrata mataka mantra. Hong Hyang Hyang Siwah aboja. abuyana kita marta. swana maswana wus tamat. dhenok yêkti manggih arja. myang sining wisma sadaya.
14. Lan maninge mêngko ratri. aywa sira mamateni. sabarang ing- kang kaeksi. ywa wani-wani nukrêti. kraneku ngalad-aladi. Hyang Guru arsa nêdhaki. Kalakuthana (n)dhingini. yeku ratu-
ne wisa-di.
242
- ↑ Prayoginipun/bangêlé/ - bênglé.