Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/257

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

20. Pan amêngku wahyudi tigang prakawis. satunggal Nurbuwat. kalihe Kukumah nênggih. katiga Wahyu, Wilayah.

21. Jawinipun Wahyu Nurbuat puniki. dene wus anyata. jumeneng Nabi kakasih. Wahyu Kukumah jinarwa.

22 Dene sampun jumênêng Narpati yêkti. kang Wahyu Wilayah. jumênêng Waliyullahi. musthikaning kang panutan.

23. Katurunan Malaekat Jabarail. kaping kalih lêksa. pangulu ingkang (m)bawani. anglampahakên agama.

24 Pan kapara sakawan imannireki. kalanira wêkdal. aneng Masjiddil Karami angadhêpaken Betolah.

25 Wetan majêng mangilen Iman Sapingi. ler ngidul ajêngnya. nênggih njêng Iman Kanapi. ing kilen majêng mangetan

26. Nênggih Iman Maliki ingkang (n)darbeni. kidul ler adhepnya. Iman Kambali nyitenni. catur panutan sembahyang.

27 Para umat pundi ingkang den rêmêni. ing salah sajuga bilih bangsa kula Jawi. Iman Sapingi panutan.

28 Ingkang dipun karammakên sakathahing daging kewan ma wa. siyung myang sakehing paksi. kang nyangkêrêm anggarudha

29. Tuwin kewan ingkang gêsang toya kalih. lire kang neng toya tan kurang juga punapi. neng dharatan tan ngapaa.

30 Tuwin ingkang mêkêruh kalawan najis. myang kang mawa wisa. utawi ingkang ngêndêmi. punika karam sadaya.

31 Ingkang dipun kalallakên samukawis. kang tan kalbeng karam. manawi alaki rabi. kaningkahkên wali bapa.

32. Kaki kadang jalêr wajib amaleni. sêpêne titiga ingkang kenging amaleni. kadang warga saking bapa.

33 Kaningkahkên pangulunipun agami. sinaksen sakawan. bilih dhudha kenging rabi. randha kenging imah-imah

34. Wit Nabi Sis dumugi Muhkhamad Nabi. estri kang winênang.

dumadya ajatukrami. naksanak misan mindhowan.

236