4. Sadasa wekdal kathahnya. tigang wekdal siyangipun. pitung wekdal dalunipun. jangkep ping sadasa wekdal. musakapipun Kitabun sadasa jilid punika. Malekat Jabrail tumrun.
5. Pan namung kaping sawêlas. saben wulan siyammipun. êbel kalawan siyam sut. êbel pethak têgêsira. nenggih saben tanggal nuju. ping patbêlas gangsal wêlas. lajêng ping nêmbêlas sampun.
6. Sut pan cêmêng têgêsira. sabên tanggal sangalikur. tridasa sapisannipun. jangkêp dene bukanira. sami sonten wussing surup. kang kinaramkên punika, anêdhaa dagingipun.
7. Sato kewan kang paedah. kapêndhet ing damêllipun. rabi kadang sarengipun. sadintên pambabarira. kinalalkên bilih dhaup. kadang kang datan sarengan. miyos saking garbeng biyung.
8. Nanging sarêng sawussira. Kangjeng Nabi Adam surud. kang gumantya putra jalu. nJeng Nabi Sis kakasihnya. apan kinaramkên lamun. krama antuk samya kadang. kinalalkên lamun antuk.
9. Naking sanak miwah misan. apan sapiturutipun. tanpa ningkah bilih dhaup. anggêr sampun condhong karsa. lajêng kaidenan sampun dening pra pangagêngira. lamun wus kalakyan dhaup
10. Yen lakinya prapteng lena. randhanira datan antuk. nambut silaning krameku. lamun ingkang estri pêjah. dhudha rabi datan antuk. pra umat lamun palastra. pinêtak ing gunung-gunung.
11. Ping kalih sarengatira. nênggih_Kanjeng Nabi Ênuh. sahadatipun Ashadu. Allah Ilahailollah. wa ashadu ana Ênuh. kalipatolah têgêsnya. yekti anekseni ingsun.
12. Satuhune nora ana. Pangeran anging Allah. lawan anêkseni ingsun. Nabi Enuh satuhunya. iku gêntine Allahu. kalih wêlas wekdal salat. sadintên sadalunipun.
13. De musakapipun Kitab. sekêt jilid kathahipun. katurunan
231