30. Yen agama Wisnu kalabuh ukumnya. agama Bayu nênggih. ukume katarang. dene agama Kala. katarap ukumanneki. kulup wus tamat. Buddha ingkang agami.
31. Pan ing Tengger ngluluri agama Brahma. dene cangkir têmbagi isi toya marta. pan iku titinggalan. saking para cantrik nguni. ing desa-desa. pasthi na siji-siji.
32. Kang nimpêni pangulune kanang desa. caritanira nguni. ardi ingkang ana. têngah pasir sagara. Hyang Brahma kahyanganneki. radyan turira. asru panuwun mami.
33. (n)Jêng paduka mêdharkên agama Buddha. saestunipun taksih. mangke ingkang kanggya. kalamun palakrama. dados wontên kang pinirit. lampahing Jawa. manthuk-manthuk sang yogi.
34. Tyas (m)badhidhig ngandika kulup sun tanya. lakuning kang agami. kanabeyanira. apa ta iya iya nunggal kalawan agamamami. radyan turira. wontên sanes sakêdhik.
35 Lampah-lampah kalawan ingkang cinêgah. sang yogi ngandika ris. raden yen sambada. manira ayun wikan. mara pratelakna kaki. radyan menêmbah. jrudêmung sabda jati.
1. Ing kitab Bayanudayan,nyriosakên srengatipun. Kanjeng Nabi nêném tuhu. ngasta agama minulya. Jah punika ingkang sampun. linampahan para umat. pyambak-pyambak datan jumbuh.
2. Bubuka ngasta sarengat. nJêng Nabi Adam linuhung, sahadatipun Ashadu. Allah Ilahailolah. Ashadu ana Adamu. pitratollah: têgêsira. satuhu nêkseni ingsun.
3. Ora ana Pangran liyan. anging Allah sipat agung. lawan anêkseni ingsun. nJêng Nabi Adam sanyata. pataranira Hyang
Agung. dene wêkdalira salat. sadintên sadalunipun.
230