Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/248

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

41. Wargane panganten jalu. lan warga panganten estri. samya prang catur pralambang. sasmitane sunggateki. yen lina [1] layon kapetak. tuwin linuwêng neng siti.

42. Ing guwa myang jurang serung. paliyasane kang jisim, dinusan ing lêri bêngkak. yen mumulya srananeki. urup-urupan sabarang. durma ping catur winarni.

64. DURMA

1. Lah ta iki agama Wisnu winarna. panguluning agami. rannana Ramana. sasewasogatanya. nganggowa tatênger pasthi. aekal cakra. keling ingkang kinardi.

2. Apan kêling rineka cakra den-gawa. babadhong bangsa kêling. sisiwalan tuwa. panêmbahe mring toya. Jawan maring toya riris. lampah nurraga. tapane yen Manggasri.

3. Datan kêna (m) bukti babi ingkang ulam. mangsa Jita tan kenging. mangan ulam menda. kalamun ari raya. kang mirasa sarwa gurih. larangannira. tan kêna angrabeni.

4. Kang kaprênah nini bibi miwah uwa. ingkang saka luluri. jalu myang tan kêna. ngrabeni anak inya. myang tan kena mamateni. kang lagya sarwa. anyawa myang tan kenging.

5. Amateni garudha waraha kuda. pênyu bulus suwari. minum myang anadhah. kang ngendemi tan kêna. nganggo parunggu tan kenging. wawênangira. ngrabeni prênah nini.

6. Bibi uwa kang saka luri wanudya. myang kena angrabeni. kang kaprênah kadang. putu miwah pulunan. saka luri wadon ugi. angrabenana. anaking guru keni.

7. Kang ngêndêmi wênang yen kinarya tamba. nganggo parunggu kêni. yen ginawe srana. wadon kang lagya lara.

wênang cinukur balindhis. yen priyanira. pralinna andon jurit.

227

  1. *) Prayoginipun/lena/ - pejah.