30. Yen ginawe saraneku. wênang dicukur pawestri. lamun uwus Juwas êrah. myang bela saking kang lalis. ontang-anting wadon Janang. wênang têtak disunati.
31. Papaline lamun dhaup. durunge panganten panggih. kudu anganggo badhudhak. wargane panganten estri. lan warga panganten priya. padha lalangên tayeki.
32. Jogedan saengga nayub. yen mati layon kabêsmi. paliyasaning kuwandha. dinusan we ron dlima di. yen mumulya srana bêrah. yeku kang dak anggo iki.
33. Agama Endra katēlu. pangulune kang agami. ya arannana Sakrana. sasewasogataneki. padha nganggowa tengeran. ekal bajra saka galih.
34. Kayu rineka bajra nung. den (ng) go sangga gêlungneki. panêmbahe marang arga. lawan marang Sang Hyang Sasi. Jakune lila narima. mangsa Naya tapaneki.
35 Datan kena ngêmban sunu. kalawan mangsa Asuji. nora kena asanggama. yen raya sarwa pait. larangane nora kêna. ngrabeni kaprênah nini.
36. Uwa bibi sing luluhur. Janang wadon myang ngrabeni. kaprênah kadang kang saka. luluri jalu myang estri. tan kena misaya mina. kang lagi koyok marêngi.
37. Mangan antigan tan antuk. (m) buwang susukēr neng siti, tan kêna mejahi liman. miwah angangge têmbagi. keni yen kinarya srana. wawenang kena ngrabeni.
38. Ingkang kaprênah sadulur. saka luluri pawestri. ngrabeni prênah pulunan. miwah putu ingkang saking. luluri jalu wanodya. antigan lamun kinardi.
39. Jajampi apan pikantuk. wênang cinukur dyah kêdhi. jalu estri jaka rara. salah siji yen ngêmasi. winênang bela palastra. wadon lamun arep laki.
40. Wênang sinunatan iku. jalu lamun lagi lair. Jan anake dhukun wênang. tinêtakan de papali. kalamun amangun krama.
nganggo onjer myang sintreni.
226