Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/246

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

19. Ngrusak candhi walêr agung, nora kena nganggo wêsi. wenang yen kanggo sarana. wong laki-rabi yen mati. wênang bela myang binelan. lamun lakine kang mati.

20. Sing wadon tan bela lampus. wênang cinukur yen estri. kang mati lanang tan bela. iku wênang dentêtaki. yen jabang mêtu wanodya. wênang lamun disunati.

21. Yen krama wawalinipun. nganggowa baladho nênggih. kang Janang nglangkahi jantra. wusu likasan myang ilir. kukusan enthong lan iyan. kang wadon nglangkahi linggis.

22. Garu waluku myang pacul. kalamun tumêkeng jangji. layone ingupakara. têgêse dipun rumati. neng panggonan kang prayoga. ingopenan kang prêmati.

23. Paliyasan layonnipun. Jandha mêrang kêtan putih. yen mulyakkên sarwa utang. agama Sambo wus tlêsih. kapindho agama Brahma. pangulune kang agami.

24. Ingaran Brahmana iku. sasewasogataneki. padha nganggowa têngêran. ekal trisula têmbagi. rineka-reka trisula. denanggo jajamang sami.

25. Panêmbahe marang latu. lawan mring Hyang Bagaspati. lakune santosa ing tyas. yen mangsa Sitra tan keni. amanganna gogodhongan. mangsa Srawana tan kêni.

26. Tumênga marang ngaluhur. yen riaya sarwa manis. laranganne nora kêna. ngrabeni kaprênah nini. uwa bibi ingkang saka. Juluri lanang yen saking.

27. Luluri wadon pikantuk. tan kêna mateni gêni. daging lembu datan dhahar. mapas wiji ingkang lagi. thukul uga ora kêna. nganggo timah datan kenging.

28. Dene ta wawênangipun. ngrabeni kaprênah nini. uwa bibi ingkang saka, luluri wadon utawi. ngrabeni kaprênah kadang. pulunan nak putu saking.

29. Ing luluri wadon jalu. dhaup anak inya kenging. lawan anak

guru kena. wênang mangan daging sapi. lamun kinarya tatamba, nganggo timah denlilani.

225