1. Ing ngandhap kiduling pucak. Iwir kawahing ardi wiyar waradin. tengah ana ardinipun. Iwir kukusan malumah. Jamun siyang tan katon wêdaling kukus. Ki Buyut matur ring radyan. lah punika ingkang nami.
2. Tasari kang ardi Brama. wonten ingkang mastani laut pasir. ingkang neng tengah (n)jênggunuk. punika ardi Brahma. dhasaripun sitinya pasir sadarum. kajogan awu kang mêdal. saking kawahe Brahmardi.
3. Nalikanya ngalad-alad. mila sangêt pêthake dentingali. awit saking kandêlipun gasik tan kathukulan. kalamênta katêpan karokot rumput. dadya pêthak ngamplak-amplak. bilih kasorot Hyang Rawi.
4. Ombak-ombak ingkang hawa. kang pratistha sanginggilipun pasir. punika kang dadya alun. mindha ombak samodra. bofen nginten yen punika sanes ranu. tinarka sagara ingkang. dumunung sanginggil wukir.
5. Lêrês paman ingkang sabda punapi (ng)gih kenging dipunpurugi. Ki Sudarga aturipun. prayogi tinêdhakan. wus tumurun kalangkung rêkaseng ênu. margi (n)juleg rumpil rampak. wus prapta saganten pasir.
6 Radyan malih angandika. lah suwawi umiyat sapucaking. ardi Brahma kawahipun. Ki Buyut tur sandika. gya umancat andêdêr tumêkeng pucuk. ana satêpining kawah. têpung gêlang denidêri.
7. Manglung miyat jroning kawah. langkung (n)julêg sela geng keh kaeksi. kajawi kawah kang agung. kathah êleng terusan. alit-alit ugi samya mêdal kukus. mambêt kadi lirang kobar. radyan ngandika suwawi.
8. Tumurun marang ing dhasar. datan eca ambête kukus ardi. kalihnya samya tumurun. dupi prapta ing dhatar. pinggir wetan ana arga tan aluhur. kalangkung asri kawuryan. rahadyan
tatanya aris.
219