25. Wusira miyat grojogan. laju dennira lumaris. ratri sipêng padhusunan. bakda Subuh mangkat malih. prapta ing Singasari. Radyan kendel lampahipun. umiyat candhi pelag. seja cêmêng wangun masjid. rinarêngga ingukir êlung pinatra.
26. Mubeng pinagêran sela. supit urang gapura di. kiwa têngenning gapura. gupala kakalih sami. agêng ambêkta bindi. kadi jegang dennya lungguh. maripat sakalapa. malolo siyungnya ngisis. ilat melet tumumpang ing untu nyrangas.
27. Sela wêtah tan sambêtan. wau Niken Rancangkapti. kagyat kalanira miyat. tanya mring raka sang pêkik. kakang dene mêdeni. kuwi uwong apa dudu. kalawan omah apa. kabeh watu kaya masjid. Jayengsari mesêm sarwi angandika
28. Iku yayi rêca sela. kang lir masjid aran candhi. ayo kakang padha miyat. aku dhêmên aningali. kaya mantenan bêcik sapa kang akarya iku sawusira umiyat. mêdal saking ing cepuri. gya úmentar kalangkung rêkaseng marga
29. Sang dyah ginendhong Ki Buras. prapteng tlatah dhusun Sisir kendel rahadyan umiyat. sumbêr aran Sanggariti we mêdal saking candhi. sela ingukir pinatut. kang sisih mijil tova tawa asrêpnya nglangkungi. sisih medal toya angêt sawatara
30. Sang dyah siram gantya-gantya kalamun karaos atis. marang toya ingkang panas wus siram umentar malih kasapur ram mampir. mring dhukuh sipêng sadalu. byar eniang nulya bidhal. ing lampah mangkya wus prapti. dhusun Tumpang anon candhi alit endah.
31. Kadi cungkup wawangunan. inggilira sawatawis. ngandhap kering linêbêtan. ing nglêbêt kalimis gasik. tilas asrameng rêsi. gandanira amrik arum. sang dyah tanya amring raka. kakang omah apa kuwi. kaya êrong ambune arum angambar.
32. Apa panti pangratusan. (ng) gone (n)deleh jarik ngêndi. iku yayi candhi uga. pangiraku duking nguni. tilas patapan resi. kang amambu amrik arum. labêt kukusing dupa. nalika muja
samadi. sang dyah angling kakang age kongkonnana.
214