Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/234

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

17. Satengahe pangayuban. ana umbul langkung wêning. ngantya biru sinatmata. sang dyah atatanya ririh. kakang iki ing ngendi. balumbang banyune biru. mêtu saka ing ngandhap. sapa kakang kang ngangsoni. iba kehe balanjane tukang toya.

18. Radyan gumujêng ngandika. kagawa rupaning warih. Banyubiru ingaranan. kakang aku wêdi kuwi. sing padha ting paringis. aneng ngêpang mangruk-mangkruk. gêdhene padha janma. nora nana nganggo tapih. ting caruwet basane nora karuwan.

19. Kakang buron apa janma. rahadyan ngandika aris. iku kang aran wanara. kang ngarep gêdhe pribadi, bangkokan aranneki rinatu ing wre sadarum. kakang (n)dhog apa doyan. radyan nulya anguncali. ingkang tigan tinampanan ing wanara.

20. Sawusira tampi tigan, gya mentar datan kaeksi. wanci lingsire baskara. linggar saking toya wilis. Niken dharat kinanthi. angubêngi kanang umbul umiyat sela krêsna. ngadeg wa- ngunan pasagi. neng sisih ler ingukir sêratan Buddha.

12 Tamat dennira mariksa. lajêng lampahira prapti. wana keh taru sêkaran. nêdhêng wohe angêmohi sang dyah suka mêmêthik. sekaran sasênêngipun. Buras ngundhuh wowohan klampok arum dhuwêt putih. kêpêl gêdhang manggis dhuku pisang êmas

22. (m)Barêngkut binuntêl sinjang. ingaturakên sang putri. lawan radyan samya nadhah marêm tan karaos ngêlih. riwusira dumugi. rahadyan ngandika arum. yavi payo umentar. mênek kadalon neng margi. apa mlaku apa ginendhong si Buras.

23. Kakang lumaku kewala. durung krasa kesêl mami. karo golek kêmbang-kêmbang. lêpas lampahira katri. Jaminya aneng margi. tan winarna prapta sampun. talatah nagri Malang. sukunira Tengger wukir. myarsa swara sora lir (m) baunging sona.

24. Rahadyan kampir umiyat. saking mandrawa kaeksi. grojogan we saking arga. dhumawah ing jurang trêbis. katelah nama ing

Baung. toya wamanya pêthak. kadya kapuk denwusoni. sruning swara tan karenga yen ngandika.

213