Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/230

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

16. Kakang marang ngendi aku suthik kantun. yayi yun sêmbahyang. wektu Mahrib marang masjid. bakda Ngisa (ng)gonku bali marang wisma.

17. Mung sadhela sira yayi aja milu. iya iya kakang. gawekna mantenan dhisik. êndi Buras mantenaku kang kokgawa.

18. Buras (n)jêpluk we ladalah wau kantun. duk kendel ing jurang. supe boten kula cangking. hara piye Buras enggal balennana.

19. Pasaranku lan dhakon êndi tak jaluk. o lah dalah tiwas. dhakon pasaran denambil. yuyu kangkang kala wontên lepen Emas.

20. Rancangkapti anjêkutrut gêdrag-gedrug. Buras jiniwitan. mêmbêg-mêmbêg api nangis. benjing-enjing kula lintoni sadaya.

21 Dadya magru rahadyan tan siyos wektu. ngrarapih ring kadang. kumêmbêng waspanireki. sang dyah lilih sare neng pangkoning raka.

22 Bakda Ngisa Ki Sungeb marêg sang bagus. ngaturkên sugata. nyai-nyai kang ngladosi. sarwi matur rayi dalêm sang lir rêtna.

23. Sampun ulun cawisi manawi wungu. radyan angandika. bangêt panarimamami. wusing dhahar linorodkên mring Ki Buras.

24. Buras matur kula nyai taksih tuwuk. nêdha wau siyang. labete sangking kalantih. ragi nyengka niki taksih mayag-mayag.

25. Graitane Ki Buras yen sesuk-esuk. lolos tan pamitan. kangge sangu aneng margi. nora wurung (n)dara putri mundhut sêga.

26 Nyai Sungeb wus ngengehkên ulam sekul. pok tumpêng tinumpang. ulam ingkang garing-garing. nyai lawan rencang wus lumêbeng wisma.

27. Buras gupuh mênêdi ulam myang sêkul. gya pi-api nendra. radyan lenggah ngisik-isik. ingkang rayi Ki Sungeb sawusnya nêdha

28. Lawan nyai marêk alon aturipun. bêndara arinta. prayogi sare

ing panti. kakêlonan pun bibi byangipun dhenok.

209