Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

6. Lereh dhusun Purwasata. raja Balambangan nagri. putranya estri sajuga. ing warna tuhu linuwih. sêdhêng mêpêk birahi. kataman gerah sang ayu. madal sakeh usada. sang nata agung prihatin. kyana patih Samboja sowan mangarsa.

7. Pukulun amba tur wikan. wontên molana ngajawi. kakasih Seh Walilanang, sangking ing Juddah nagari, ing Purwasata kam- pir. yen pinarêng tyas pukulun. prayogi ingaturan. manawi karsa sang yogi. sung usada gêrahe putra narendra.

8. Mangkana dupi miyarsa. aturing sang nindyamantri langkung kaparêng ing driya. nulya utusan ngaturi. sapraptaning jro puri. sang nata gupuh amêthuk. riwusnya tata lênggah. miwah katuran pambagi. amedharken kang dadya rentenging driya.

9. Seh Walilanang wus sagah. nulya ingusadan aglis. gêrahe sang putri mulya. ramebu sukanya ngênting. karsanya narapati. Seh Wali pinundhut mantu. ing karya tan winarna. dennira amangun kardi. atut runtut lir mimi lawan mintuna.

10. Wus lami neng Balambangan. Seh Wali matur sang aji. kinen santun agamEslam. sarengat Nabi sinêlir. nata tan mituruti. seh cuweng tyas lolos dalu. kesah maring Malaka. garwa tinilar (ng) garbini. sang rêtna yu sakalangkung kawlasarsa.

11. Sapêngkêre sang pandhita. pagêring agêng (n)dhatengi.kawula kathah kang pêjah. benduning sri narapati. maring rêkyana patih. den lungsur darajadipun. ki Samboja sru mérang. kesah maring Majapait. anyuwita Sang Aprabu Brawijaya[1].

12. Kaanggep tur kinasiyan. tinandur aneng in Giri. nahan tan antara lama. Ki Samboja angêmasi. pinêtak Giri ugi, sadaya

tilaranipun. Jastantun ingkang garwa. kacêluk Nyi Randha Sugih. angluwihi samoaning wong dêdagang.

  1. Seratanipun aksara Jawi/sanga prabu, léresipun miturut Paramasastra kedah kaserat/sang aprabu Kadjawi punika tembung/sanga/atêgês wilangan. Tembung sabangsanipun ing ngriki kaserat Latin:/sang aprabu/./sang abagus Iss.

2