Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/229

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Buras. lolosira saking Giri. dumugi ing lepen Emas nitih palwa.

4. Wus tumurun saking baita gya laju. ngambah Wanakrama. karsanira ayun mampir. marang dhukuh pasantren ing Sidacrêma

5. Praptanipun ing Sidacrêma sang bagus. Ki Buras umentar. pinanggih lawan Kiyai. Amatsungeb sawusira sasalaman.

6. Amatsungeb tanya wigatining laku. Ki Buras prasaja. mangkana dupi miyarsi. sru gagêtun gupuh marek ing rahadyan.

7. Sampun tundhuk Ki Sungeb ngrungkepi suku. karuna lir kênya. sasambate mêlasasih dhuh gustiku ingkang abdi boten nyana.

8. Jayengsari pangandikanira arum. apa kang rinasa. kawula darma nglampahi. obah osik saka kwasaning Pangeran.

9. Wus ngaturan laju marang wismanipun. santri kathah mulat.kacaryan endahing warni. samya ngiring sapraptanira ing wisma

10. Jayengsari ingaturan lênggah salu. Niken Rancangkaptya. laju mring wisma wus panggih Nyai Sungeb kalangkung anyungga-nyungga.

11. Sinugata binojakrama kalangkung Ki Sungeb turira panuwune ingkang abdi. kêparenga lereh ing ngiriki kewala

12. Bilih wontên utusan sing Surengkewuh. amba kang nanggulang. ngekahi risang pinêkik. radyan mesêm aris pangandikanira.

13. Iku paman banget panarimaningsun. (ng)gonira tumanggah. minangka wawalêsing sih. kanugrahaning jêng rama marang sira

14. Ingsun anut apa kang dadi karêpmu. mangkana Ki Amad. langkung (m)badhêdhêg (m) bêdhidhig datan nyana jamun ngecani wicara.

15. Wanci surup ing masjid santri gumuruh. samya maca slawat.

rahadyan ayun mring masjid. lan Ki Buras sang dyah mêdal saking wisma.

208