yen tumêka aneng tepining jaladri. uga sagara rahmat. 45. Dadi bodho wong puniku nenggih. milanipun bodho wong punika. dene tan wruh mring dheweke. pan suwung jatinipun. (ng)gih puniku kang wus udani. wruh têpining samudra. kaelokan tuhu. Jungguhipun Akadiyat duk layare Wahdat lungguhipun nênggih. angkate Wakidiyat.
46. Iya dipun kawruhana malih. iya sagara patang prakara. iki ta siji-sijine. ingkang rumiyin iku sagara Dat namanireki: ping kalih pan sagara. Sipat namanipun. ping tiga sagara Apngal. namanira kaping patipun puniki. aran sagara Asma.
47 Yen ta durung wong iku udani. ing dununge kang sagara papat. prênahe wiji-wijine. durung sampurna iku. ing prênahe maksih sak sêrik. supadya ngupadosa. tatakon kang luhung. aja muwus barang karya. mapan wênang mungguh wong urip puniki. bubuhaning iktiyar.
48 Karana abot babo wong urip. mapan nampik milih iku wênang. yen milih ala wong kuwe. dadi wong tanpa kusur. yen ngamungna milih kang becik. dadi wong tanpa ngrasa. kudu bêcik iku pan na sungkan lamun ala. yen miliha ala sungkan nganggo bêcik. wong nasar ambalasar
49 Dipun sami marsudi ing budi puniku lambang wong kuna-kuna. pinrih graitane dhewe. (ng)gen taki-taki kawruh aja lawan pakon liyaning. pinrih marsudi akal. ing tyas dikaraup. sampun ngêmungakên têdah. têdah guru pribadi ingkang marsudi. pocunge kêpanggiha.
1. Iku kulup paliyasan sakeh petung. andhèku rahadyan. katung ka wektu Luhuri. wusing bakda Kiyagêng gya kondur dhahar
2. Jayengrêsmi neng Karang eca tyasipun. sigêg gantya ingkang. winursita lampahneki. Raden Jayengsari Jawan arinira.
3. Sang dyah Niken Rancangkapti maksih timur. myang abdi pun
207