ing salaminya. urip iku neng dunya tan pêgat dening. layar sagara rahmat.
38. Ngaior ngidul ngetan nguon nênggih. (ng)gonne layar pan nora tumeka. iya marang dharatane. mila tan ana mangguh. ing dharatan dening jaladri. tanpa têpi punika. prandene kang wêruh. layar sadhela tumêka. ing dharate kang sagara tanpa têpi. suprandene ya ana.
39. Ing têpine graitanên ugi. dene wus aran iku sagara. tanpa têpi suprandene. kaya na tepinipun. ngengkol têmên basa puniki. kapriye yen kênaa kinira ing kalbu. dinuga-duga watara. saking kira-kira mapan datan kêni. kajaba kang wus wikan.
40. Ing têpining ingkang jalaniddhi. sagara rahmat kang tanpa ombak. nanging giumêgêr alunne. samun lamun dinuju. sawangane rêsik tur wêning. mila kang sami layar. tan nganggo parau nyana tan na pakewuhnya. yen tinrajang têlênge keh parang curi. mila arang kang prapta.
41. Ing têpining ingkang jalaniddhi. dene alayar tan mawi palwa. alangka têka pinggire. barakane puniku. kathah kerêm katanggor curi. mila ayun waspada. mring pakewuhipun. iya ing sagara rahmat. mapan akeh pancabaya jro jaladri. mila arang kang prapta
42. Mapan arang iya angawruhi. ing warnane ya sagara rahmat tur sadina sawengine wong aneng dunya iku alalangen aneng jaladri. jroning sagara rahmat. prandene arang wruh. saking kalingan ing tingal. kalimput ing pancabayaning ngaurip. mila arang waspada.
43. Yen arsa layar maring jaladri. sagara rahmat mawia palwa. sarta lawan kamudhine. pandoman sampun kantun. myang layare dipun abecik. miwah sanguning marga. ywa kirang den agung. yen tan mangkono tan prapta. ing têpine iya sagara rahmati. pan mundhak akangelan.
44. Baitane pan êninging galih. kêmudhine pan antêping tekat. sucining kalbu layare. pandomanipun iku. pituduhe guru sayekti.
sangune ngelmu rasa. lakune parau. kalawan murahing Edat.
206