tul uwi gêmbili gêmbela. linjik tela gêmbolo nampu mungkasi. sinambungan pagagan.
18. Asri tinon sênênning kang wukir. karamate Sang Tuhu Minulya. sadaya nêdhêng uwohe. tan ana kêndhatipun. wus kawentar ing kanan kering. lamun ana karamat. ing Salak dudunung. Jayengresmi paparabnya. amung lawan rencangnya kakalih nami. gus santri Gathuk Gathak.
19. Anggêlarken dana sining wukir. tan winancen sapa ingkang arsa. ngungundhuhi sasukane. sabên ari asêlur. ingkang sami minggah ing wukir. amupu kang dadana. tan na kêndhatipun. kang denambil datan têlas. malah wêwah kapirêng liyan nagari. nora amupu dana.
20. Suka ing tyas sukur ing Hyang Widdhi. Jayengrêsmi lami aneng Salak. sigêg ganti caritane. kang dhêdhepok ing gunung. Karang Bantên nênggih Seh Brahim. karan Kiageng Karang, dadya paguron gung. wus mashur ing mancapraja. trang ing kawruh alim kitab myang salêsih. lakuning kang agama
21. Trang ing cipta tanpa papan tulis. ing sadhengah patakoning janma. tan ana binalekake. ngelmu kasap myang lembut. lair batin sampurna jati. kang samya puruita. tan kêna ingetung. santrinya tanpa wilangan. ingkang uwus pruita tan nêdya'mu- lih. keh kandhêg wismeng Karang
22. Kyagêng Karang lagya nandhang wingit. sakesahe putra angajawa. tita tan ana wartine. sawiji dina nuju. mirêng swara langkung dumêling. nanging tan lawan karna. ujaring swareku. sira dennarima ing Hyang. wis pinasthi sutanta tan bisa panggih. kalawan pakenira.
23. Nanging mangkya sira denparingi. kang minangka liruning putranta. sira umentara age. marang ing Salak Gunung. kono ana satriya luwih. atmajane Susunan. Giri Prapen iku. wus katon karamatira. aran Jayengrêsmi kanthi santri kalih. si
Gathuk lan si Gathak.