Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
SÊRAT CÊNTHINI
I
I. SINOM

1. Sri narpadmaja sudigbya. talatahing nuswa Jawi. Surakarta Adiningrat. agnya ring kang wadu carik. Sutrasna kang kinanthi. mangun reh cariteng dangu. sanggyaning kawruh Jawa. ingimpun tinrap kakawin. mrih tan kêmba karya dhangan kang miyarsa.

2. Lajere kanang carita. Jaksananing Jayengrêsmi. ya Seh adi Amongraga. atmajeng Jeng Sunan Giri. kontap janma linuwih. oliya wali mujêdub. paparênganing jaman. Jeng Sultan Agung Mantawis. tinêngran srat kang Susuluk Tambangraras.

3. Karsaning kang narpaputra. baboning pangwikan Jawi. jinereng dadya carita. sampating karsa marêngi. nêmlikur Sabtu Paing. lèk Mukaram wéwarseku. Mrakèh Hyang Surenggana. Bathara Yama dewa ri. Amawulu Wogan Suajag sumêngka.

4. Pancasudaning Satriya.-wibawa lakuning gêni. windu Adi Mangsa Sapta. sangkala angkaning warsi. Paksa suci sabda ji. [1] rikang pinurwa ing kidung. duk kraton Majalengka. Sri Brawijaya mungkasi. wontên maolana sangking nagri Juddah.

5. Panêngran Seh Walilanang. praptanira tanah Jawi. kang jinujug Ngampeldênta. pinanggih sang maha rêsi. araraosan ngelmi. sarak sarengat Jêng Rasul. nanging tan ngantya lama. linggar saking Ngampelgadhing. ngidul ngetan anjog nagri

Balambangan.

  1. Taun Jawi 1742

1