Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/215

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

22. Glaran pasir lêmpir ulês putih. wus pinrênah dhaharan tinata. Ki Warga tanseng ngarsane. cakêt lan Gathak Gathuk. Gathuk tanya mring Wargapati dhuh Kyai anglêpatna. sagunging babendu. ulun nyuwun sasêrêpan, sampun pintên yuswa paduka Kiyai. dene ta maksih kiyat.

23 Anak êmpun sangang dasa kalih. Gathak njingklak wathah tuhu wrêddha. têka taksih kadi anem. punapi saratipun. Kyai Warga ngandika manis. datan mawi isarat. amung sabên tangsu. anglampahi puji-dina. têka mangke lir lampahe toya mili. pancen agêng sawabnya.

24 Gathak Gathuk sareng aturneki. nuhun Kyai ulun ngalab barkah. supadi kadi slirane. pinarêng panjang umur. sênêng têntrêm jangkêp ngaurip. winantu karaharjan. salaminya hidhup Ki Warga aris ngandika. inggih anak makatên pujinireki kalawan lampahira

25 Gathak Gathuk gya sami nyêlaki. mêdhar sabda ingkang pujidina. ping pitu pan sanes-sanes. inggih ingkang rumuhun. dina Jumungah lampahing Nabi. Rosullolah salalu. hi wasalam iku mapan tan adhahar sêga. ing sadalu sadina puiinireki ya kapiya muninya.

26. Winical ping satus tiga nênggih. ing sadalu sawabe pan angsal kang nugrahaning Hyang mangke ping kalih dina Saptu. Sayidina Ngusman (n) darbeni.tan sare lampahira. sadintên sadalu. puji ya patah ya rajak. winaca ping satus titiga sawêngi. sawabe ingajrihan.

27. Dening mahluk kabeh kang kaping tri. dina Akat ingkang darbe lampah. pan Sayidina Ngumare. ing sadintên sadalu. tan ȧnginang pujinireki. ya kayu ya kayuma. angsal kaping satus. têtiga sadalunira. sawabe rahayu saumurireki. kaping pat Isnen dina.

28. Kang lampah Nabi Ngisa puniki. ngalahisalam tan dhahar ulam. ing sadina sawêngine. ya rahman ya rahkimu. pujinira satus sawengi. mapan punjul titiga. sawabe jinurung. ing Allah

sakarsanira. kaping lima dina Salasa darbeni. kang lampah

194