29. Suku ardi Salak wukir. Ajar Suganda ngandika. kapasang- yogya aranne. dina iki ping pitulas. sabarang karya harja. ujum ramale pakantuk, datan ana kasangsaya.
30. Payo kulup mupung enjing. ingsun kang atêdah marga. radyan (n)dhêkumatur alon. kalangkung panuwun kula. de kaparêng umentar. têdah marga kang pakantuk. wus samêkta nulya bidhal.
31. Datan sandeya ing margi. eca dennya alalampah. sarwi ginêm ngelmi raos. tan cinatur laminira. dennira aneng marga. wus prapta ing Gandhok dhusun. Ajar Suganda ngandika
32. Kaki lilanana mami, wangsul marang ing ngasrama. iki wus prapta ing Gandhok. wus caket lan Pajajaran. sira ngalor ngulonna. sandika radyan umatur. muhung pangestu paduka.
33. Iya kulup dak ideni. apa ing sakajatira. atus ing pangandikane. ungkur-ungkuran ing lampah. radyan myang Gathuk Gathak ing dhusun Gandhok kapungkur. prapteng Bogor patilasan.
34 Sêngsêming tyas umiyat ing. tatanêman tumaruna. kathah kang nêdhêng uwohe. wênês ijo amardapa. tangeh ingkang mangarang. sadhengah tinanêm subur. wowohan myang sêsê. karan.
35 Hawanya srêp sawatawis. karya têntrêming sarira. tamtu jawah sabên sore wit Luhur tumêkeng Ngasar terang sadalu pisan kathah sumber umbul mancur. mimbuhi sêngsêming driya
36 Wanci Luhur radyan prapti. satengahing kang pagagan. tumalêthok garimise. radyan ngandika mring Gathak. sarehning ayun jawah. prayogane padha ngaub. mring gubug amrih sarkara.
1. Prapteng gubug Radyan Jayengrêsmi. Gathak Gathuk neng. wingking tan têbah. wau kang neng jro gubuge. Jurahing Bogor
dhusun. wus awrêddha gundhul kalimis. gumbala capang pêthak. jejenggot pinatut. clana gadhung bênting sinjang. sarung bugis dhêsthar bathik lagu nagri. Bandhung tanah Pasun
190