kathahireki. dadi piridanira. watêk sanga mau. muhung saka babolongan. awit palawanganing badan kehneki. apan ana sasanga.
26. Irung sami leng tulupan bêdhil kang maripat sasamining muka. dene cangkêm ngibarate. Jawangira sang ratu. ing talingan ngibaratneki lawang saketheng ika. palawanganipun. ngibarat Jawanging omah. gurung iku ngibarat lawang guweki. ing dubur lawang sona.
27 De sadaya ronging kewan aming. mirid pangêronging sangking mangsa. kasanga jênêk neng ronge. wilangan angka iku amung sanga sadasaneki. ing sagolongan êdas. wujudipun ênul. mungguh babahan jinarwan lèng durjana kerêpe lèng manungseki. tebusan hawa sanga.
28 Nahen watak sapuluh mungkasi. boma wêrdi sukêt mati ika. sonya wêrdi suwung mangke gagana wêrdi suwung. de barakan wêrdinireki. ya iku lamat-lamat. adoh jarwa tuhu ing langit werdi ngawiyat. de ana tan ora ana werdineki. windu duk jaman kuna.
29 Ana windu sapuluh winilis. ingaranan kang windu Sangkala. sapuluh warna umure. Tirta lan Maruteku. mvang Pranala lar Prataleki. Baya Byantara Manta. Kartala puniku. kasanga windu Suribta. de ganêpe sapuluh pan denarani. ring kang windi Gurita.
30. Aneng wiyat anane kang langit. pan sadaya srengenge rémbulan. lintang kalawan megane. kilat mêndhung galudhug. angin udan kuwung mungkasi. yaiku ananing kana. wujut pamyarseku. kang katon lan kapiyarsa. saka donya gantya ingkang widik-widik. wrêdine samar-samar.
31. Maletik mancurat wêrdineki. sirna werdinira apan ilang. ngakasa ta wujud rêke. de sagunging das iku. ingkang ilang wêrdinireki. walang wêrdi mauwal. de kos wêrdi suwung. watak sapuluh wus jarwa. mungguh watak sapuluh jupukaneki. doh samar suwung lamat.
32. Ilang dhuwur kang awit kapirit. saka jroning kaluwênge êdas
186