Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/205

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

12. Sangking suwaraning banyu bumi. gêni angin balêdheg lan udan. sangking pakarti pitune. swa kuda wêrdinipun. jaran molah pitung prakawis. nyongklang mêdhar adhean. jojrok ngawalipun. nyirig nyandêr pipitunya. tungganganing gunung tumpakan rêrêdin. ana pipitu warna.

13. Jaran kabiren lêmbu palangki. padhati jolang kisruki lawan. bojadhi ganêp pitune. de wiku ya pipitu. yeku wiku kang nglakokkên ing. pangawikan kasapta. jaya kang rumuhun. pindho aji pangasihan. katêlune aji panglimunan bangkit. pat aji tatakrama.

14. Kalimane pamawasan aji kanêm aji etang pêpetangan. sapta ji panglêrêbane. sampêt watêk pipitu. watêk wolu mangkya winarni. bubukanira naga. wêrdi ula agung. mula dadya wolu watak derbe panguwasa wolung warni. nyêmbur nyakot amolah.

15. Mujêt rosa urip (ng)gon kakalih. angiungsungi woiu bisa gêsang. saka lenga neng pethite. panagan etangipun. pasawêran wolung (ng)gon nênggih. naga taun myang naga. jatingarangipun. naga wulan lawan nagan pasangaran naga jarangan lan malih kanang naga pangkalan.

16 Naga dina pasaran mungkasi. de salira ya slira mênyawak apan wolu pangwasane. bisa ngambah ing banyu ngambah marang dharatan bangkit, menek myang ngêrong ika. mring nastapa ayun. anglungsungi myang yuwana. kawolune riringa mring bangsaneki. mangkya basu wêrdinya

17. Apan têkek mulane dumadi. watak wolu darbe panguwasa. wowolu iki cacahe. panglengketaning suku. kinajrihan ing bangsaneki. tyas sabar myang ngumara. sareh tindakipun. sarana atine kena. kanggo jampi wong cêkek tan nggarapsari. darbe panawa wisa.

18 Kawolune bisa anglungsungi. mangkya tanu bunglon wêrdinira. bangkit wor wolung wamane. bang irêng kuning pingul.

ijo biru bêlawu tuwin. wungu jangkeping astha. murti wêrdinipun. cêcak de darbe pangwasa. wolung warna panglengketan

184