5. Kang tartamtu kanggo nêm prakawis. turus miwah dandananing omah. kanggo dandanan prantine. kanggo péthan arceku. kanggo plangkan pangraras tuwin. katunu kanêmira. kilating nêm iku. têgêse lalidhah mangsa. iya kanêm lona pêdhês wêrdineki. mla kêcut wêrdinira.
6. Tikta wêrdinira apan pait. kyasa wêrdinira gurih ika. dura pan asin têgêse. sarkara wêrdinipun. apan manis watêk nêm titi. watak pitu winama. ardi wêrdi gunung. kang urut pasisir iku. mula dadi wawatak pitu de ardi. isine pitung warna.
7. Watu guwa jurang padhas tuwin.. papancuran perengan tuwuhan. turangga de panganggone. jaran iku pipitu. kang ru- muhun apan kêndhali. apus lawan salebrak. sanggawêdhini- pun. ambên camêthi pitunya. giri wêrdi gunung gêdhe dene dadi. pakandhanganing swara.
8. Rêsi têgêse pandhita sukci. yeku ingkang nganggo kasucian. pitung prakara etange. katêmênan rumuhun. lumuh ala lumuh nyidrani. Jumuh marang ruruba. lawan tuhu lumuh. marang ing pangalêmbana. lumuh rêgêd pitune pan lumuh maring. sabarang bebengesan.
9. Angsa apan banyak werdineki. mula dadi pitu watêkira. kagawa sugih swarane. biksuka wêrdi lêmbu. mila pitu watèkireki dene ing kuna dadya. tungganganing wiku. aldaka sukuning arga. dene darbe sasèbutan pitu nênggih. punthuk ujung tunggangan.
10 Lambung tepong sisiku sukuning. de himawan wêrdinira mega. pucuking gunung dununge. mula watak pipitu. sangking kukus kapitu warni. kukus adhêming kisma. kukus tanêm tuwuh. kukus pangobaring wrêksa. kukus ingkang rêratêng lawan kukusing. udalaning kang toya.
11. Kukus ingkang bêdhiyan myang sangking. kukusing kang dupa jangkêp sapta. sapta pandhita wêrdine. agêming pandhiteku. pan pipitu jajenggot cundrik. kêthu jobah salendhang. tlumpah têkênipun. gora swara muni ika. wardi swara uni
agung akeh kaki. apan pitung prakara.
183