bingan ana catur. limane pucukira. de panca bayu sayekti. kang kaanggep putra Hyang Bayu kalima.
29. Sawiji wil Jajahwrêka. Kapi Anoman kakalih. katri Wukir Maenaka. catur Setubanda esthi. Bratasena mragili. de wisikan wêrdinipun. wangsit guru limang bab. tuduh kadadeyaneki. dêdunungan iya iku bawa lima.
30. Gulingan dene wêrdinya. paturon nênggih wong guling. pêpêt pancadriyanira. lilima ingkang mungkasi. etang lima wus jarwi ji loro lu pat limeku. wus titi watak lima. watak nêm mangkya winarni. salin têmbang amrih mamanising kata.
1. Masadrasa wrêdi kang binukti. rasa nênêm prakara yaika. rasaning sêga iwake. rasaning wijinipun. rasaning kang godhongan tuwin. rarasaning daderesan. wowohan nêmipun. winayang wêrdi gang-anggang awit saka sikile iku nêm iji. guna awon. wêrdinya.
2. Dene ingkang mangsa kanêm yekti. nawu madu sinungkên anaknya. de rêtu awor wêrdine campuring kanang kayun. kang rumuhun grêngsênging dhiri. dwi ajuning kang manah. tri ajuning purus. catur ajuning paningal. kalimane ajuning tangan nêmneki. ajuning sukunira
3. Hoyag wêrdinira obah yêkti. gêtêring pangadeg myang pramana. pamiyarsa panggandane. pangrasa badannipun. gya karêngya karungu wêrdi. iya nênêm prakara. wisikan karuhun. amuwung wulang utama. myang karungu wawangsite ujar manis. pangraras ngalêmbana.
4. Namaning nênêm yeku namaning. pala nênêm kasimpar baruwah. gumantung palawijane. myang kucila kirneku. tahên kayu taun winardi. wrêksa kayu têgoran. len prabatang kayu.
rubuh malang ing dêdalan. pan ginêrba kayu nênêm watakneki. lire ingkang mangkana.
182