Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/201

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

12. Sagara we pakumpulan. banyu saka patang wami. tuking kali tuk bengawan. tuking pancuran myang riris. mangkya katri winarni. banyu sumur dene iku. kaanggo patang warni. pangangson padusan tuwin. pangasahan sakawane pangumbahan.

13. Sukci wêrdi we padasan. de kangge patang pasukci. kêmu raub wisuh tangan. Jawan masuh sukuneki. jaladri wêrdineki. banyu angêndhong yaiku. angendhong we sakawan. banyu udan banyu kali. banyu êtuk kalawan banyu bêngawan.

14. Dadi banyu kali ika. mula papat watêkneki. dadya pasucen sakawan padusan angungumbahi. angongolah kinardi. angombeni kewanipun. her banyu pucuk arga. dadya watak papat awit. pucuk arga ana banyu patang rupa.

15. We kawah banyu pamuja. banyu pêdhut banyu riris. nawa werdi banyu tawa. yeku we tuk umbul tuwin. pancuran sumbêmeki. de samodra wêrdi banyu. ingkang ngidêri jagad. keblat papat denubêngi. apan sami kataman banyu samodra.

16. Jalanidhi banyu ingkang. bênêr yeku saka riris. Jan kali êtuk bangawan. dene wamna wêrdineki. banyu sawangan nênggih. saking kali rêmbêsan tuk. sakawan pasumberan. de toya wêr dinireki. banyu ing jêmbangan kanggo suci badan

17. Adus raub awak-awak. kanggo wisuh jangkêpneki. wahana yeku we udan. angsal sakawan prakawis. saka kukusing agni. myang kukusing tanêm tuwuh. saka kukusing toya. papate kukusing bumi. mangkya wau dadi wêrdi we deresan

18. Saking amer kapanasan. saking kapêlêg ing angin. saking praboting baskara. susumubing bun mungkasi. de sindu wêrdineki. banyu susu dene iku, wit saka pat prakara. dhingin saka srana jampi. tuntuming bayu wuwung sari tatêdhan

19. Warih wêrdi banyu klapa. dene atêrira warih. puniku rambah kaping pat. wiwit bluluk banjur cêngkir. dawegan miwah krambil. dene tasik wêrdinipun. banyu oyot jalaran. kang dhingin

tarik-tinarik. iya saking purusan sakawan warna.

180