4. Dahana pan gêni salat. mulane dadya watak tri. wit sangking katri prakara. sapisan saka sumuking. hawa panasing bumi. kadwi saka sumukipun. ing watu geni ika. kaping tri saka sumuking. kang walirang gathuk dadya gêni salat.
5. Trining brana pyu paprangan. mulane dadya watak tri. ananę saka tri warna. prakara saka kasêktin. dwi têmpuhing saradhi. tri pambêsmining saweku. uta tegêse lintah. mula dumadi watak tri. untunira ngisor loro (n) dhuwur juga.
6. Kwajibane tri prakara. napêl molah ganda bangkit. ujel wêlut têgêsira. mulane dadya watak tri. dene ta andarbeni. daya tri prakara iku. panglunyon mulêt rosa. anauti wrêdi cacing. mula dadi watak telune de darbya.
7. Kawajiban tri prakara. nglêkêr mulur mangkêrêt tri. mangkya jatha wêrdinira. gêni winadhahan yêkti. de dadya watak katri. gêni arêng kang rumuhun. kalih gêni winadhah. têlu kang pinedah kardi. ambêbakar manggang sapanunggalannya.
8. Wedha gêni pawon ika. dene ana warna katri. kang gêni kayu kalawan. cêngkorongan pawon gêni. katri laweyan gêni. de nalakni wêrdinipun. gêni panasing manah. mula dumadya saka tri. kadadeyanira saka tri prakara
9 Dhingin saka pangabaran. dwi pangobong saka sêngit. tri saka pangumbar hawa. utawaka wêrdineki. gêni manggang mulaning. dumadi watak tri yeku. gêni kayu kalawan. arêng sujen jangkêp katri. kayalena wêrdi gêni balubukan.
10. Mula dadi watak tiga. de gêni blubukan asring. kaanggo telung prakara. ngêpes (m) bênêm ambakari. apan gêni diyan iku. mula dadi tri watak. de wujuding sorot katri. biru kuning abang jangkêp kaping tiga.
11. Pungkasan tiga uninga. wêrdi gêni thithikan tri. watu gêni kawul waja. watak sakawan winarni. wedang ingkang rumiyin. banyu panas werdenipun. de dadya watak papat. sakawan
dayanireki. matêngakên umob molah kumarangsang.
179