30. De talingan têgêsira. pangrunguning kuping estu. mula loro watêkipun. awit iku amiyarsa. rong prakara ala-ayu. dene maha wêrdinira, ambaning paningalipun.
31. Mula dadya ro kang watak. de ngêmbani pramaneku. rong prakara kang rumuhun kêdhap ya ubênging tingal. ingkang ijo warnanipun. kang kaping pindhone kilat. maniking tingal kang pingul.
32. Len tanganna têgêsira. kêplok yeku karêpipun. suka lan susah puniku. êlar wulu suwiwinya. de dadya ro watêkipun. rong prakara karyanira. mêgar atanapi mingkup.
33. Kanggone dadya panambak, adhêm mring dayaning mabur. nêmbah suku karo iku. angabêkti dalamakan. gawe kuncup dwi asteku. watak loro pan wus tamat. rahadyan nembah umatur.
34. Watak juga lan kalihnya. solah miwah bawanipun. condhong Jawan rahsanira. sang wiku ngandika dhaup. mangkya watak tri kawedhar. sinom salinne kang pupuh.
1. Bahni gêni pandhe ika. mulane dadya watak tri. asal sangking tri prakara. saking pangreka kang dhingin yaiku gêni saking thithikan agarannipun. pindho sangking sarana. yeku areng de kaping tri. pangolahe angin sangking ingububan.
2. De pawaka wêrdinira. gêni sapucaking ardi. mula dadi watak tiga. wit sangking têlung prakawis. agni sasalat sangking. walirang ping kalihipun. saka gêni dudupa. panuwun puja sêmedi. tri bêdhiyan sarananing kaasrêpan.
3. Siking gêni upêt ika. mulane dadya watak tri. wujuding upêt triwarna. mancung sêpêt ontel kluwih. guna agaran gêni. tri prakara dadinipun. saka panasing asap. saka sêrêting piranti.
saka kawul gênêpe katiga wama.
178