Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/195

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

34. Naga ula gêng panagan kaki. gyan ula geng kaot. salira manyawak basu têkek. myang atêgês kumareng nagari. tanapi araning. kang mangsa kawolu.

35. Tanu bunglon murti cecak singgih, kunjareku gêdhong. myang atêgês kandhanging gajahe. gajah-gajah neng wantilaneki. dipangga marêngi. tinitihan ratu.

36. Esthi gajah kang denpalanani. samadya jinatos. gajah ana tengahing wanane. manggala gajah binêkta jurit. dwiraddha jinarwi, gajah mêta iku.

37. Kang bujangga ula lanang kaki. brahmanastha manggon. pandhita sing sabrang wolu kehe. dwipara gajah binêkta maring. pacangkraman kaki. liman têgêsipun.

38. Gajah binêkta midhang sayêkti. dening sang akatong. lan ula ula lanang têgêse. myang atêgês karo ula yêkti. gantya kang winarni watak sanga iku

39. Kang rumiyin trustha lenging bêdhil. trusthi lenging démon. muka rai gapura lawange. ratu wiwara leng sakethenging. dwara lenging panti. nanda leng kodhok gung.

40. Wilasita leng kumbang sayêkti. kang guwa jinatos. leng patapan agolong samunne. lodra aluraning we sayêkti. gatra lenging gangsir. êleng lenging sêmut.

41. Rong leng ula song leng landhak yêkti. trusan lawanging wong. bubutulan yeku angka lire. inggih punika wilangan yekti. babahan leng maling. hawa sasangeku.

42. Bolonganing sarireng sujanmi. mangkya winiraos. watak sapuluh kang pinurweng reh. boma sukêt mati sunya sepi. gagana kang langit. kesisan ing mêndhung.

43. Barakan tan katon ingkang warni. adoh têbih mangko. ing langit iya ing langit bae. ana tan katon tan kêna yekti. kang windu jinarwi. tumbuking kang taun

44. Aneng wiyat langit kalimputing. mendhung angêmu troh.

widik-widik katon gya ilange. malêtik satêngahing wiyati. sirneng gaganeki. simeng langit iku.

174